Sabtu, 14 Agustus 2010

Pidato

Pidato

Pidhato utawa tanggaap wacana yaiku njlentrehake idhe utawa pokokpikiran kanthi lantaran tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh. Dene tujuane phidato iku maneka warna, antarane menehi informasi, hiiburan, utawa ngajak-ngajak.
Miturut kahanane,pidhato keperang dadi 3 yaiku resmi, setengah resmi lan ora resmi.
Babagan kang kudu diperhateake nalika pidhato antarane :
1. Sandhangane
2. Carane ngadeg ing podium
3. Carane nggoceki mikrophon
4. Carane pidhato
Bakune wedharaning pangandikan kudu urut runtut, cetha pilah - pilahipun, satemah isining wedharan saged jumbuh kaliyan ayahan ingkang lumampah. Babaring pangandikan, prayogi kapérang dados tigang (3) perkara :
• Purwaka, inggih punika atur pangandikan ingkang minangka pambuka. Ingkang kalebet ing pérangan purwaka antawisipun :
 Salam pambuka / uluk salam.
 Asung pakurmatan dhumateng para tamu.
 Muji syukur wonten ngarsaning Gusti Ingkang Murbèng Dumadi.
 Ngaturaken gatining ayahan.
 Ngaturaken reroncèning adicara.
 Tata laksitaning adicara kawaos saking pambuka ngantos dumugi panutup, lajeng para tamu kasuwun sekéca lenggah, angantu adicara saklajengipun.
• Isi utawi péranganing isi ingkang wigati, inggih punika wosing pangandikan. Ingkang kalebet pérangan wigati tumrap panata adicara kadosta ngaturaken saben – saben adicara, rikala ngaturaken saben adicara kedah cetha anggènipun ngaturaken adicara ingkang badhé lumampah, setunggal mbaka setunggal para paraga ingkang hanyengkuyung dipunaturi kanthi cetha.
• Wasana, inggih punika atur ingkang minangka panutup. Wondéné pérangan wasana, tumrap panata adicara antawisipun ;
 Nyuwun pangapunten dhumateng sedaya kekirangan saha kalepatan
 anggènipun nindakaken jejibahan.
 Ndhèrèkaken sugeng konduripun para tamu.
 Ngaturaken adicara panutup kanthi salam panutup.

Tuladha tanggap wacana :
Salam......................................................
Nuwun,
Katur dhumateng Bp. Sadono ingkang kinormatan, ingkang jumenengipun tinanggenah dados wakilipun Bp. Sarjito sekalian.
Ing ngriki kula pinjil dados paraga sulih sariranipun Bp. Sarjono sekalian, ngemban jejibahan kinen sowan saha matur wonten ing ngarsa penjenengan.
Saderenge kula ngaturaken wigatining sowan kula prelu langkung rumiyin ngunjukaken raos suka syukur alhamdulillah dhumateng Pangeran Ingkang Maha Agung, dene awit saking sih berkah tuwin sih rahmatipun, penjenengan kula saget sami pinanggih kanthi wilujeng, winantu ing suka rena.
Bapak Sadono ingkang kinormatan sasampunipun kula kasembadan sowan ing ngarsa panjenengan, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapak Sarjono sekaliyan mugi kaaturna dhumateng Bapak Sarjito sekalian, dene ingkang dados telenging sedya saha wigatining prelu, kula kadhawuhan nglrapaken penganten kakung pun Bagus Sudibyo, ST, atmaja kakungipun Bapak Sarjono sekaliyan ingkang pidalem ing..........................................ingkang ing dinten punika, Minggu, 11 Desember 2005 badhe kadaupaken kaliyan anak Rr. Salindri, SE putra putrinipun Bapak Sarjito sekaliyan, hawit saking punika titiwanci punika penganten kakung pun bagus Sudibyo, ST, kula pasrahaken ing ngarsa panjenengan borong menggah kalaksanane sedya. Kula namung nderek memuji, mugi sadayanipun tansah manggiya wilujeng.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi anggen kula sowan wonten tunadungkaping tumindak utawi kirang jangkeping trapsila, samanten ugi manawa atur kula mboten mranani ing panggalih, kepareng hangluberaken samodra pangaksami nuwun matur nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar