Kamis, 03 Maret 2011

Nyemak Crita Wayang
Wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora pati akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.

dhalang lan wayangé ing Australia



e-wayang kang tinatah lan sinungging mawa media digital
Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.
Ing pagelaran iku wayang ditanjepké ing debog ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar.
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi

Cerita Kethoprak

Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah, ananging ugo bisa tinemu ing Jawa Wetan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa Tengah lan biso ngasorake kesenian liyane, umpamane Srandul, Emprak lan sakliyane.

Sajarah
Kethoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para priya ing dhusun kang lagi nganaake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang bebarengan ing kampung /dusun kanggo lelipur . Sak teruse ana tambahan kendhang, terbang, lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Sak banjure ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran Kethoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyarakat/umum, yakuwi Kethoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake yaiku : Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lan sapanunggalane.
Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan apike lan dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan.

Jinis
Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakke mengkene :
1. Kotekan Lesung : awujud awal mulane Kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran Kethoprak.
2. Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kotekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripane para tani .
3. Kethoprak Lesung : Amujudake pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kaya ta gendang, suling, terbang lan lesung. Iki kang bakal lan lahire pagelaran Kethoprak.
4. Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ).
5. Kethoprak Gamelan Pendopo : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprene . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing 'Pendopo').
6. Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yoiku Kethoprak kang di pagelarake ana ing panggung kanti carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca ([[Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).
Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , ugo kanggone para nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan carita digawe luwih apik lan ditindaake kanthi teges lan tumemen. Conto mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.

Isi carita
Rupa-werna carita pagelaran Kethoprak umpama carita rakyat, dongeng, babad, legenda, sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunaake swasana Indonesia, contone karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo.
Carita klangenan masyarakat bisa arupa carita pahlawanan, paperangan , carita nglempengake kabeneran biasane ing akhir carita sing gawe bebener, jujur lan baik antuk kamenangan.
Ageman para nayaga pemain di padaake karo carita kang dipagélarake, . Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Jogaakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging ana uga ageman kang arupa simbolis ,umpama Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemman pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane kasebuat "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.
Uga ana ageman kasebut basahan, yokuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan bisa arupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo uga jubah). Ageman basahan iki biasane ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.
Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Carita kanthi para nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog ( rerasan dewe) utawa dadi narasi.
Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbedaake adegan siji lan sijine,

Kagem para maos sing kepingin midhangetake kethoprak ing format mp3 bisa ngundhuh ing kene http://apdnsemarang.wordpress.com/dagelan-ludruk-ketoprak/
Perangkat pengiring
Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep biasane nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak.
Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone "akting" uga kudu pinter nyanyi & nari .
Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak.
Senadyan sing dienggo basa Jawa nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.
Ing wektu saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan . mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane.Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu.Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep

Gejala Bahasa

Gingsiring basa yaiku owahing tembung ing sajroning basa utawa saaka basa siji marang basa sijine.
Jinise owah – owahan yaiku :
1. Owah Ngarep
 Protesis
Yaiku owahing tembung merga tambah ing ngarepe
Tuladhane : moh dadi emoh, dom dadi edom, bel dadi ebel
 Afaeresis
Yaiku owahing tembung merga ilang utawa suda ing ngarepe
Tuladhane : walulang dadi lulang, wudun dadi udun
2. Owah tengah
 Apentesis
Owahing tembung merga tambah ing tengah
Tuladhane : Saka dadi sangka, barata dadi branta, tuwuh dadi tumbuh
 Kontraksi ; sinkope
Owahing tembung merga ilang ing tengahe
Tuladhane : Sahaya dadi saya, dahulu dadi dulu, bahasa dadi basa.
3. Owah Mburi
 Paragoge
Owahing tembung merga tambah ing mburi
Tuladhane : Bapa dadi bapak, adhi dadi adhik, mba dadi mbak
 Apokope
Owhing tembung mmerga ilang ing mburine
Tuladhane : Revolution dadi revolusi, management dadi managemen, eksport dadi ekspor

Tembang Dolanan

Maca lan Ngapresiasi Tembang Dolanan
Tembang dolanan iku jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paungeran gatra, guru lagu, guru wilangan lan dhong dhing.Nanging biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané. [1]
Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.
Iki kaca kanggo ngumpulake syair tembang dolanan utawa tembang sing kerep diunekke bocah-bocah.
 Cublak-cublak suweng
 Gajah gajah
 Gambang Suling
 Gundhul Pacul
 Jamuran
 Jaranan
 Kidang Talun
 Kupu Kuwi
 Lir Ilir
 Menthok Menthok
 Padhang Bulan
 Pitik Tukung
 Suwe Ora Jamu
 Te Kate Dipanah

Pidato Sambutan Maneka Acara

Tegesipun Pidhato
Pidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanathi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh.
Jinis – jinise pidhato miturut carane ngandharake keperang dadi :
1. Miturut Tujuane Pidhato
a. Menehi hiburan
Pidhato jinis iki katindakake nalika ing acara pahargyan, acara hiburan, kang tujuane iku gawe sumringah, seneng utawane gembira. Pamicara mung ngandharake babagan kang nyenengake uga nganggo bahasa kang santai an raket.
b. Menehi Kawruh
Pidhato jinis ikiisine ngandharake babagan kang sacetha-cethane supaya pamirenge mangerti kanthi jelas. Pamicara bias nganggo conto, bandingan, katrangan lan liya-iyane kang migunani kanggo nambahi jelase pokok masaalah.
c. Pangajak-ajak
Pidhato jinis iki pamicara ngandhrake alas an, bukti lan conto kanggo ngajak pamirenge supaya tumindak paddha utawa jumbuh karo kang dikarepake pamicara. Pidhato jinis iki biasane katindaake nalkane kampaye utawa promosi.

2. Miturut Kaanane Pidhato
a. Kaanan Resmi
Lumrahe ditindaake dening para pejabat nalikane nyambut acara resmi. Pidhato jinis iki kaiket dening wektu lan topic. Pamicara ora bias sakepenake dhewe ngandharake masalah jalaran wes ana naskah kang kudu diwaca dening pamicara.
b. Kaanan Setengah Resmi
Pidhato jinis iki tetep ngetokake kesan resmi, nanging ora kaiket wektu. Pidhato jinis iki uga jamak lumrahe katindakake dening para pejabat, nanging kahanane santai, ora nganggo naskah.
c. Kaanan Ora Resmi
Pamicara bias ngandharake babagan kang pas karo kahanan lan pamirenge, ora kaiket dening wektu an ora dibatesi wektu.
d. Kaanan Liya – liyane
Pidhato jinis iki kudu migatekake kahanan pamirenge, lanang utawa wadon, ngandeg apa lungguh, panas utawa adem lan liya-liyane

3. Miturut Pendekatan Isi Pidhato
a. Pendekatan intelektual
Pamicarane kudu migatekake kahanan pendidikan pamirenge. Nalika ing ngarepe wong kang ndueni tingkat pendidikan dhuwur, pamicara bias bae nganggo bahasa intelek. Nanging nalika pamirenge ora ndueni pendidikan kang cukup, pidhato jinis iki ora pas dilakokake.
b. Pendekatan Moral
Pendekatan iki digunakake nalika pamirenge seneng milu kegiatan moral. Tuladhane pengajian. Pamicara bias nganggo dalil saka kitab suci supaya pamirenge tambah percaya marang dikandaake dening pamicara.
c. Pendekatan Emosional
Pendekata iki efektif nalika pamicara bias mincing emosine pamireng. Nganggo rasa sedhih, seneng, lucu laan liya-liyane. Pidhato jinis iki nyesuaiake marang kahanan emosi pamirenge, supaya pamireng bias nampa kanthi jelas apa kang disampeake dening pamicara.

Tuladha Pidato Seserahan

Pidato Seserahan
1. Atur Pasrah pinanganten Kakung
Assalamu alaikum wr. Wb
Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya Loka mugi kajiwa lan kasarira wonten panjenengan sadaya lan kula amin
Pamjenenganipun Bapak ……….sekaliyan garwa ingkang kinurmatan, ingkang wonten kelengahan punika dipun salirani panjenenganipun Bapa………………ingkang pantes sinugata ing tata krani. Keparenga kula minangka talanging basa panjeneganipun Bapa………… sekaliyan garwa, ngabiyantara ( tepa ngapurancak) sowan wonten ngarsa panjenengan humiring putra temanten kakung anak mas…………………..dene wigatosing perlu nuninggih mekaten
Sepisan hangaturaken salam taklimipun panjenengan Bapa ………………sekaliyan garwa katur panjenenganipun Bapa…………………sekaliyan garwa dalasan sedaya kadang kulawarga.
Kaping kalihipun kinen hangaturaken sekar cempaka saksele nuninggih penganten kakung anak mas……………….mugi katampi kanthi renaning penggalih kanthi panyuwunan inggal kadhaupaken kalayan atmaja putrinipun bapa ……………………ingkang nama rara ayu…………..miturut adat widi widana ingkang lumampah wonten ing tlatah mriki. Kula sapengambyong namung jumurung karsa mugi tumapaking titi laksana rancag lancer tan manggih rubeda sinartan puji donga, mugi Gusti Allah ingkang Maha Agung tansah paring nugraha jejodhohan pinangaten kekalih.
Mekaten pepuntaning atur, jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk gajah mungkur wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamu alaikum wr.wb.

2. AturNaampi Pasrah pinanganten Kakung
Assalamu alikum wr. Wb.
Panjenenganipun para sesepuh piniji sepuh ingkang satuhu kinabekten, para pepundhen ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung langkung dhumateng para pangemban – pamgembating praja ingkang pantes tinulad sinudarsana. sumrambah dhumateng para rawuh sadaya ingkang cinaket ing manah
Ngengeti panjenengan sadaya dalasan kula titah sawantah ingkang tansah kapurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken hangunjukaken puja – puji syukur wonten ngarsa Gusti ingkang murba ing dumadi, awit berkah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula satemah ing ari kalenggahan punika panjenengan sedaya lan kula saged kempal manunggal wonten ing dalemipun Bapa……………..tan manggih rubeda tuwin sambikala.
Para rawuh ingkang satuhu sulistyaning budi.
Keparenga kula ing mriki minagka sesulihipun panjenengan bapa…………….ingkang ari kalenggahan punika nembe hanetepi darmaning sepuh nuninggih amarhargya putra amiwaha siwi putra putrinipun ingkang nama risang Bagus………………………..jinatu krama dening rara ayu ……………..atmaja putrinipun bapa ………………….ingkang lenggah pidalem ing ………………wondene tumapaking ijab qobul sampun lumampah rikala dinten ……………surya kaping …………………..wonten ing KUA……………kanthi pranatan agami islam.
Wondene wosing gatos panjenengan sadaya katuran rawuh wonten ing dalem mriki boten sanes badhe kasuwun idi pangestunipun sambet kalayan hajatipun bapa……………. Kalawau.