Dolanan

Dolanan bocah tradisional Rikala dalem alit rumiyin, kathah sanget dolanan-dolanan tradisional ingkang dilakoni kaliyan rencang-rencang. Dolanan biasane wonten latar omah kang jembar ugi wonten lapangan. Biasane wonten bocah sedoso luwih ingkang kempal. Dolanan-dolanan khas bocah-bocah jawi, inggih meniko kadosto : Jamuran Lithungan (istilahipun wonten basa indonesia petak umpet) Blodor, wonten daerah sanes kasebat gobak sodor Jagoan Sudhamandha, dolanan ngagem gacok(saking gendheng bata) lajeng bocah lompat beto gacok miyos kotak-kotak bujursangkar Cublak-cublak suweng Dakon Bal Kasti Lumpatan, ngagem tali ingkang didamel saking karet dipun rangkai, lajeng digoceki kalih bocah loro, bocah liyane nglumpati tali ingkang dhuwure wiwit sak dhengkul dugi sak dedegan Uthat Pasar-pasaran (ngagem godhong-godhongan lan kembang sekitar omah) Gatheng utawa bekelan Dolanan kecik, saking isi sawo Thung-thung balung Lan taksih kathah malih, dolanan-dolanan ingkang rumiyin pas alit, kadosto layangan, egrang, blusukan wonten kali, sawah, pekarangan kaliyan rencang-rencang. Dolanan boten namung wayah awan, ananging ugi nate dalu(wengi) saklebar ngaji wonten langgar. Dolanan-dolanan kasebat wonten nginggil, mbok menawi wonten daerah sanes kadang wonten ingkang istilahipun benten. Mbok menawi rencang-rencang ugi nate dolanan kados meniko naliko alit. Kulo kinten, dolanan-dolanan bocah tradisional meniko sae sanget, kejawi nglatih kekiyatan fisik(raga) ugi ngajaraken geguyuban, srawung, kerjasama, kekompakan, lingkungan sak kiwo tengen lan liya-liyane. Nanging, sakmeniko, sebagian dolanan-dolanan meniko, sampun arang didolana, kados sami kesisih kaliyan dolanan elektronik ingkang luwih ijen(individual) kados game komputer, playstation, ugi tontonan tivi. Malah mbok menawi kathah bocah-bacah (lare-lare) ingkang sampun boten paham dolanan-dolanan khas jawi meniko. Kados boten namung wonten kutho ageng, wonten desa mawon sak meniko kados nggih sampun sami arang bocah-bocah ingkang dolanan bareng, boten serame naliko dalem taksih alit. Mbok menawi, meniko saged dados renungan kito sedoyo, supados dolanan-dolanan bocah tradisional khas jawi boten ical kegeser jaman. Nyuwun pangapunten menopo taksih wonten tembung ugi ukara ingkang dereng leres, taksih campur-campur. Kanthi leganing manah, nampi pembetulan Copast saking :Click kene

Tidak ada komentar:

Posting Komentar