Senin, 09 Agustus 2010

Nulis Wacana Argumentasi lan Persuasi

Nulis Wacana Argumentasi lan Persuasi
1. Wacana Argumentasi
Argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi pola pikire wong liya supaya pada karo apa kang dikarepake penulis. Kanthi mbeberake bukti lan kasunyatan, penulis mbudidaya supaya wong kang maca percaya lan manut tumindak jumbuh karo apa kang dikarepake.
Tuladha wacana argumentasi :
Ngombe alcohol sajroning wektu kang suwe bisa ndadeake tiwas amarga keracunan utawa kacilakan. Ing Amerika Serikat saben tahun 25.000 luwih wong mati amarga kacilakaan lalu lintas awit nyopir kanthi mendem. Luwih saka 150.000 jiwa tumindak kasar kleebu nglalu, amarga mendem. Ana 40 yuta anak lan bojone padha sengsara nandhang tekanan mental, awit salah sijine anggota keluarga nyandu alcohol. Biasane uga wong kang senenge mendem wonge gampang nesu, awake rusak, pikirane cethek lan seneng sekarepe dhewek.

2. Wacana Persuasi
Wacana persuasi iku sawijining seni vocal kang tujuane ngajak wong lia tumindak jumbuh karo kang dikarepake dening kang celathu. Intine persuasi iku pengajak-ajak supaya wong kang diajak percaya lan manut ora nganggo paksaan.
Tuladha persuasi :
a. Iklan
b. Kampanye
c. Propaganda
d. Selebaran
Persuasi ndueni anggepan yen pola pikire manungsa iku bisa diowahi. Persuasi minangka rekadaya nglarasake utawa madaake ben padha sarujuk kanthi padha-padha percaya. Wong kang nampa persuasi rumangsa melu marem lan seneng awit ora rumangsa anggone mutusake milih sawijning tumindak.
Kapethik saka Piwulang Basa Jawa X

Tidak ada komentar:

Posting Komentar