Rabu, 18 Agustus 2010

Mendiskusikan isi geguritan

Mendiskusikan isi geguritan
Miturut bausastra jawa, geguritan iku karangan kang pinathok kaya tembang nanging guru gaatra, guru wilangan lan guru lagun ora ajeg. Geguritan uga kasebut tembang uran-uran wujud purwakanthi.
Geguritan ing jaman dhisik esih nganggo paugeran kayata :
1. Cacahing gatra ora tartamtu nanging lumrahe sethithike patang gatra
2. Cacahing wanda gatra siji lan sijine padha akehe.
Nanging jaman nsaiki paugeran iku ora kanggo maneh. Geguritan jaman saiki nulad cara carane mancanegara kang maneka warna. Babagan kang penting saka geguritan yaiku anane pengajaran utawa amanat kang ana sajroning geguritan. Amanat bisa dimangerteni kanthi cara parafrasa. Yaiku ngandharake maneh sawijining teks utawa karangan arupa wujud kang beda supaaya bisa dimangerteni maknane.
SIJI SURO

wit-witan jumedhul saka ngakasa
maneka warna godhong lan woh-wohane
kebak aksara kang wis katulis
bisa diwaca lan ora bisa diwaca
kadhang katon kadhang ora
gumantung padhanging netra

banyu segara malih dadi seksi
kanthi cahya kang madhangi
kitab adammakna
tan ana kang keri
tan ana kang keliwatan
kacathet nora bakal ilang

mbulan wis katon ngilo ana tlaga
nggawa dluwang resik tanpa aksara
kumleyang sakdhuwure sirah
mabur sakparan-paran
angiteri jagad

1 komentar: