Sabtu, 19 April 2014

Parafrase

Parafrase asal tembung saka paraphrase ( inggris ), paraphrasis ( latin ), para phrasein ( yunani ) kang nduwe teges cara ekspresi tambahan.
Parafrase yaiku istilah linguistik kang nduweni teges nglairake malih salah sawijining konsep kanthi cara liya sajroning basa kang pada, tanpa ngowahi makna lan tujuan awale.  Parafrase aweh kesempatan marang penulis liya kanggo aweh penekanan masalah kang beda karo penulis asline.
Parafrasis yaiku proses nggawe parafrase.
Carane nggawe parafrase :
1.      Maca naskah asli
2.      Nemtoake tema / alur
3.      Nemtoake gagasan utama / ide pokok saben paragrap
4.      Nggawe parafrase nganggo ukara kang beda, ukara langsung bisa di ganti nganggo ukara ora langsung.
5.      Nganggo tembung kang baku, ukara kang ringkes lan gampang dipahami.

Jumat, 20 April 2012

Pidato Sambutan Maneka Acara

Tegesipun Pidhato
Pidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanathi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh.
Jinis – jinise pidhato miturut carane ngandharake keperang dadi :
1. Miturut Tujuane Pidhato
a. Menehi hiburan
Pidhato jinis iki katindakake nalika ing acara pahargyan, acara hiburan, kang tujuane iku gawe sumringah, seneng utawane gembira. Pamicara mung ngandharake babagan kang nyenengake uga nganggo bahasa kang santai an raket.
b. Menehi Kawruh
Pidhato jinis ikiisine ngandharake babagan kang sacetha-cethane supaya pamirenge mangerti kanthi jelas. Pamicara bias nganggo conto, bandingan, katrangan lan liya-iyane kang migunani kanggo nambahi jelase pokok masaalah.
c. Pangajak-ajak
Pidhato jinis iki pamicara ngandhrake alas an, bukti lan conto kanggo ngajak pamirenge supaya tumindak paddha utawa jumbuh karo kang dikarepake pamicara. Pidhato jinis iki biasane katindaake nalkane kampaye utawa promosi.

2. Miturut Kaanane Pidhato
a. Kaanan Resmi
Lumrahe ditindaake dening para pejabat nalikane nyambut acara resmi. Pidhato jinis iki kaiket dening wektu lan topic. Pamicara ora bias sakepenake dhewe ngandharake masalah jalaran wes ana naskah kang kudu diwaca dening pamicara.
b. Kaanan Setengah Resmi
Pidhato jinis iki tetep ngetokake kesan resmi, nanging ora kaiket wektu. Pidhato jinis iki uga jamak lumrahe katindakake dening para pejabat, nanging kahanane santai, ora nganggo naskah.
c. Kaanan Ora Resmi
Pamicara bias ngandharake babagan kang pas karo kahanan lan pamirenge, ora kaiket dening wektu an ora dibatesi wektu.
d. Kaanan Liya – liyane
Pidhato jinis iki kudu migatekake kahanan pamirenge, lanang utawa wadon, ngandeg apa lungguh, panas utawa adem lan liya-liyane

3. Miturut Pendekatan Isi Pidhato
a. Pendekatan intelektual
Pamicarane kudu migatekake kahanan pendidikan pamirenge. Nalika ing ngarepe wong kang ndueni tingkat pendidikan dhuwur, pamicara bias bae nganggo bahasa intelek. Nanging nalika pamirenge ora ndueni pendidikan kang cukup, pidhato jinis iki ora pas dilakokake.
b. Pendekatan Moral
Pendekatan iki digunakake nalika pamirenge seneng milu kegiatan moral. Tuladhane pengajian. Pamicara bias nganggo dalil saka kitab suci supaya pamirenge tambah percaya marang dikandaake dening pamicara.
c. Pendekatan Emosional
Pendekata iki efektif nalika pamicara bias mincing emosine pamireng. Nganggo rasa sedhih, seneng, lucu laan liya-liyane. Pidhato jinis iki nyesuaiake marang kahanan emosi pamirenge, supaya pamireng bias nampa kanthi jelas apa kang disampeake dening pamicara.

Kamis, 03 Maret 2011

Nyemak Crita Wayang
Wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora pati akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.

dhalang lan wayangé ing Australia



e-wayang kang tinatah lan sinungging mawa media digital
Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.
Ing pagelaran iku wayang ditanjepké ing debog ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar.
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi