Ngunduh Macapat


Kawruh Tembang Macapat


Pangertosan
Sekar inggih menika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran tartamtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken ngangge kagunan sawanten (Padmosoekotjo, 1960:25)
Sekar macapat inggih menika sekar ingkang kaping papat (sekawan)
Waosan sekar I      : maos sekar ageng sapadeswara (sapada/ kalih padadirga)
II      : maos sekar ageng setunggal pada dirga (kalih pada pala/ gatra)
III     : maos sekar tengahan
IV     : maos sekar alit (macapat)
Adhedhasar lagunipun sakawit sekar macapat menika kalagokaken kanthi lagu maos. Pramila sekar macapat ugi wonten ingkang mastani maca cepet. Wonten ugi ingkang mastani anggone maca papat-papat inggih menika sekawan wanda-sekawan wanda.
Timbulipun Sekar Macapat
Sekar Macapat sampun wonten nalika jaman Majapahit, ananging sakalangkung anem saking sekar Tengahan. Sekar Macapat menika manut Tedjohadisumarto karipta dening Prabu Dewawasesa/ Prabu Banjaransari kala taun Jawi 1191 utawi 1269 masehi.
Antawisipun sekar Macapat kaliyan Tengahan menika meh memper. Paugeranipun meh sami (guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu), ingkang mbedakaken naming basanipun. Sekar Tengahan ngangge basa Jawi Tengahan, dene sekar Macapat ngangge basa Jawi enggal. Ing sekar Tengahan limrahipun cakepan winastan kidung, mila wonten kidung Durma, kidung Sinom. Cakepan kasebat sinerat wonten ing Kidung Sundayana.
Paugeran Sekar Macapat
Paugeranipun sekar Macapat wonten tiga ingih menika:
a.    Guru gatra yaiku gunggungipun larik ing saben pada
b.    Guru wilangan yaiku gungungipun wanda saben larik/ gatra
c.    Guru lagu yaiku dhawahing swanten vokal ing pungkasaning gatra
Gunggungipun tembang macapat wonten 11, inggih menika, Ingkang bade download mangga :
Asmarandana
Dandanggula
Durma
Gambuh
Kinanthi
Maskumambang
Megatruh
Mijil
Pangkur
Pocung
Sinom


Tembang macapat menika minangka pralambang gesanging manungsa wiwit lair dumugi mati.
Manungsa lair ing ngalam donya metu saka guwa garba (MIJIL) nalika isih cilik kudu dituntun utawa dikanthi (KINANTHI) yen wis rumaja (SINOM) duwe rasa tresna utawa aweh katresnan marang wong liya (ASMARANDANA).Sing lagi nandhang tresna swasanane katon endah lan manis (DHANDHANGGULA) sawise mengku kulawarga kudu ngerti GAMBUH) marang prakaraning urip. Manawa wis tuwa uripe bakal ngambang (MASKUMAMBANG) mikirake donya lan akherat. Tambah tuwa saya mundur (DURMA) mungkur ing kadonyan (PANGKUR) ngadhepi akherat mula gentur ngibadahe. Sawise mati ateges pegat ruhe (MEGATRUH). Banjur dibuntel utawa dipocong (POCUNG).
Konvensi Sekar Macapat
a.       Baliswara yaiku rerangkening tembung ingkang nyebal saking paugeran awit kangge njangkepi guru lagu
Tuladha:
Anoman sampun malumpat
Anoman malumpat sampun (kinanthi)
b.      Daya sastra yaiku ngicali aksara irung (hanuswara) kangge njangkepi guru wilangan. Daya sastra limrahipun dumadi ing sekar Macapat seratan Jawi.
Tuladha:
Ing Serat Abimanyu Kerem
Semar (ng)guguk, nabda:”Bangsat teka n(dlarung), katanggor wong   nekad, (m)baludhus tan wruh ing isin, lah rasakna yen prakteng wisma tak ajar.
c.       Plutan saha Wancahan
yaiku ginanipun kangge nyuda guru wilangan amrih jangkep. Plutan: sru, mlas, lyan, wruh. Wancahan: gung, kang, ywa.
d.      Uluran
yaiku nambah aksara hanuswara, vokal a, utawi ma. Kados (m)bludhus  dados (m) baludhus, nangis dados anangis, mijiki dados hamijiki, lsp. Uluran kangge nambah guru wilangan amrih jangkep.
e.       Sandi/garba yaiku kangge nyuda guru wilangan
Tuladha:
nara + iswari = nareswari
ratu + agung  = ratwagung
lebda + ing    = lebdeng
f.       Sandiasma yaiku asmanipun panganggit ingkang dipunsingitaken ing salebeting sekar. Sandiasma saged mapan ing awal pupuh, awal pada, awal gatra, pedhotan, wanda awal tembung, gatra, akhir gatra
Tuladha: ing Serat Ajipamasa
RA-sikaning sarkara kaesthi,
DEN-nya kedha mamardi mardawa,
NGA-yawara puwarane,
BE-la-belaning kalbu,
I-nukarta niskarteng gati,
RONG-as rehing ukara,
Ga-garanirantuk,
WAR-ta wasitaningkuna,
SI-nung tengran:”sembah trus kaswareng bumi”
TA-litining carita
g.      Sengkalan yaiku tetenger taun ingkang sinawung tembung salebeting sekar. Kados sengkalan ing nginggil “Semabh trus kaswareng bumi”= (1791).
V. Anasir Sekar Macapat
a.       Dendha kerata.
Caranipun nyekaraken sekar Macapat winastan dendha kerata, tegesipun cetha, mboten bindheng, mboten blero, las-lasan, lugu, bares, prasaja, mboten kekathahen laku-luk, cengkok, utawi wilet, awit kedah ngengeti suraosing sekar ingkang nembe kawaos.
b.      Andhah saha nung sawara
yaiku luk swanten kadhawahaken ing wanda pungkasaning gatra. Dene anung swara yaiku luk swanten kadhawahaken ing setunggal wanda saderengipun pungkasaning gatra.
Tuladha:
Ingkang becik martabate = (andhah swara)
Sapa ta kang palakra   mi,
c.       Pedhotan
Pedhotan wonten kalih werni yaiku pedhotan kendho lan pedhotan kenceng. Pedhotan kendho mboten munggel wanda ing salebeting tembung. Pedhotan kenceng munggel wanda ing tembung.
Tuladha:
Kang aran – bebuden luhur, (pedhotan kendho)
Dudu pangkat – dudu ngelmi, (pedhotan kendho)
Uga dudu – kapinteran, (pedhotan kendho)
Lan dudu pa – ra winasis, (pedhotan kenceng)
Apa maneh kasugihan, (pedhotan kendho)
Nanging mung – sucining ati (pedhotan kendho)
d.      Andhegan
Yen pedhotan menika mapan ing tembung, dene andhegan mapan ing pungkasaning gatra.
Andhegan menika wonten tiga:
  • andhegan wantah
yaiku mapan ing pungkasaning gatra, suraosung gatra dereng jangkep. Andhegan wantah menika dumados saking setunggal gatra.
  • andhegan alit
yaiku mapan ing gatra, suraosing gatra saged mapan sanadyan dereng setunggal pada. Andhegan alit saged dumados saking setunggal gatra utawi langkung.
  • andhegan ageng
yaiku mapan wonten ing pungkasaning pada, dene suraosing sekar sampun jangkep. Andhegan ageng dumados saking setunggal pada.
e.       Padhang saha Ulihan
Andhegan wantah limrah sinebat padhang awit dreng paripurna, suraosing dereng jangkep. Dene andhegan ageng winastan ulihan, suraosing sekar sampun jangkep. Padhang mapan ing pungkasaning gatra, dene ulihan ing pungkasaning pada (Prawiradisastra, 1996: 42).
f.       Wirama
yaiku wirama ing sekar Macapat limrahipun wirama merdika, mboten ajeg.
g.      Rerengganing sekar Macapat
1)      Wilet yaiku variasi titi laras wonten ing pangolahing cengkok
2)      Cengkok yaiku rerangkening titi laras kangge ngolah lagu
3)      Luk yaiku andhah swara saha nung swara
4)      Gregel yaiku luk ingkang cepet
5)      Sliring yaiku mineur, vals, vales, penyimpangan saking skala nada
h.      Watak saha ginanipun Sekar Macapat:
Nama Sekar Watak Ginanipun
Mijil asih, prihatin, pangajab mulang tiyang ingkang nembe prihatin
Kinanthi seneng, asih, kasmaran mituturi, pratelan tresna, mulang
Sinom ethes, prasaja piwulang, wewarah
Asmaradana tresna, sedhih, sengsem nggambaraken kakesitan, mulang, tresna
Dhandhanggula luwes, gumbira, endhah mahyakaken tresna, sedhih nandhang tresna, mbuka sekar/ srat, mahyaaken kahanan menapa kemawon cocok
Maskumambang nelangsa, ngeres-eresi, sedhih mahyakaken raos panalangsa
Durma keras, nepsu, semangat nggambaraken tiyang nepsu, perang
Pangkur sereng, nepsu, gandrung pitutur radi srengen, gandrung
Pocung sembrana, parikena, lucu cangkriman, crita lucu, guyon
Gambuh sumanak, sumadulur mulang, pitutur
Megatruh prihatin, getun, keduwung, sedhih cariyos ingkang sedhih, getun
Balabak sembrana, saenake, lucu guyonan sakepenake, sembrana
Wirangwong wibawa mahyakaken keagungan, kaendahan, piwulang
Girisa gagah, wibawa, wanti-wanti piwulang, kasepuhan
Jurudemung kenes (genit) mancing brahi
Guru Gatra, Guru Lagu, lan Guru Wilangan Tembang Macapat
Mijil = 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Kinanthi = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Sinom = 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Asmaradana = 8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a
Dhandhanggula = 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
Maskumambang = 12i, 6a, 8i, 8a
Durma = 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
Pangkur = 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Gambuh = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Megatruh = 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Pocung = 12u, 6a, 8i, 12a
[dening Sumaryono]
Sumber : http://www.kawuryan.com