Rabu, 18 Agustus 2010

Maca intensif paragraph deduktif lan induktif

Maca intensif paragraph deduktif lan induktif
Maca intensif yaiku maca kathi tujuan bisa mahami kanthi tenanan marang pendapat ing wacan, urutane, retorise, utawa polane.
Miturut panggonane ukara baku, paragraph kaperang dadi 2, yaiku dheduksi lan induksi.
Paragraf dheduksi iku ukara bakune ana ing ngarep utawa awal paragraf, ukaara panerange ana ing mburine.
Paragraf induksi iku ukara bakune ana ing mburi dhewe, ukara-ukara panerange ana ng wiwitan paragraph.
Pamanasan global kuwi anané prosès mundhaké suhu rata-rata atmosfér, segara, lan dharatan bumi. Suhu rata-rata global ing lumahing bumi wis ningkat 0.74 ± 0.18 °C (1.33 ± 0.32 °F) jroning satus taun pungkasan iki. Intergovernmental Panel on Climate Change (IPCC) nyimpulaké yèn, "sebagéyan gedhé paningkatan suhu hawa rata-rata global wiwit pertengahan abad kaping-20 kamungkinan gedhé disebabaké déning mundhaké konsentrasi gas-gas omah kaca akibat aktivitas manungsa"[1] liwat èfèk omah kaca. Kesimpulan dhasar iki wis diandharaké déning saora-orané 30 badan èlmiyah lan akademik, klebu kabèh akademi sains nasional saka negara-negara G8. Ananging, isih sisa sawetara èlmuwan sing ora setuju karo sawetara kesimpulan sing diandharaké déning IPCC kasebut. Modhèl iklim sing didadèkaké acuan déning projek IPCC nuduhaké suhu permukaan global bakal ningkat 1.1 nganti 6.4 °C (2.0 nganti 11.5 °F) antara taun 1990 lan 2100.[1] Béda ing angka perkiraan iku disebabaké déning panggunaan skenario-skenario kang béda-béda ngenani emisi gas-gas omah kaca ing mangsa ngarep, sarta modhèl-modhèl sensitivitas iklim sing béda-béda. Senadyan sebagéyan gedhé panelitèn munjer marang periode nganti 2100, pamanasan lan mudhaking lumahing banyu segara dikira-kira bakal terus lumaku sajroning luwih saka sèwu taun senadyan tingkat emisi gas omah kaca wis stabil.[1] Iki nggambaraké gedhéné kapasitas panas saka segara.
Mundhaké suhu global dikira-kira bakal nyebabaké owah-owahan liya kayadéné mundhaké lumahing banyu segara, mundhaké intensitas fenomena cuaca sing ekstrim,[2] sarta owah-owahan gunggung lan pola presipitasi. Akibat-akibat pamanasan global sing liya yakuwi kapengaruhané kasil tetanèn, ilangé gletser, lan punahé werna-werna jinis kéwan. Sawetara bab-bab sing isih dadi ranguné para èlmuwan yakuwi ngenani gunggung pamanasan sing dikira-kira bakal kedadéyan ing mangsa ngarep, lan piyé pamanasan sarta owah-owahan sing dumadi kasebut bakal bervariasi saka siji dhaerah menyang dhaerah liyané. Nganti wektu iki isih ana wacana pulitik lan publik ing donya ngenani apa, yèn ana, tindakan sing kudu dilakoni kanggo ngurangi utawa mbalikaké pamanasan sabanjuré utawa kanggo adaptasi marang konsekwensi-konsekwensi sing ana. Sebagéyan gedhé pamarintahan negara-negara ing donya wis napak astani lan ngratifikasi Protokol Kyoto, sing ngarah marang pangurangan emisi gas-gas omah kaca.
Sakabèhé sumber energi sing sisa ing Bumi asalé saka srengéngé. Sebagéyan gedhé energi kasebut jroning wangun radiasi gelombang pèndhèk, klebu cahya sing kasat mata. Nalika energi iki ngenani lumahing bumi, banjur owah saka cahya dadi panas sing ngangetaké bumi. Lumahing bumi, bakal nyerep sebagéyan panas lan mantulaké sisané. Sebagéyan saka panas iki minangka radiasi infra merah gelombang panjang menyang angkasa. Nanging sebagéyan panas tetep kaperangkap ing atmosfer bumi akibat numpuké gas omah kaca antara liya uwap banyu, karbon dioksida, lan metana sing dadi perangkap gelombang radiasi iki. Gas-gas iki nyerep lan mantulaké manèh radiasi gelombang sing dipancaraké bumi lan akibaté panas kasebut bakal kasimpen ing lumahing bumi. Bab iki kadadéyan makaping kaping lan ngakibataké suhu rata-rata taunan bumi terus mundhak. Gas-gas kasebut duwé fungsi kayadéné fungsi kaca ing omah kaca. Kanthi tansaya mundhaké konsentrasi gas-gas iki ing atmosfer, saya akèh panas sing kaperangkap ing sangisoré. Sakbeneré, èfèk omah kaca iki dibutuhaké banget déning kabèh makhluk urip sing ana ing bumi, amarga tanpa kuwi, planet iki bakal dadi adhem banget. Kanthi suhu hawa rata-rata 15 °C (59 °F), bumi sakbeneré wis luwih panas 33 °C (59 °F) kanthi anané èfèk omah kaca[3] (tanpa èfèk mau suhu bumi mung -18 °C saéngga ès bakal nutupi kabèh lumahing bumi). Ananging suwaliké, akibat gunggungé gas-gas kasebut wis kaluwihan ing atmosfer, pamanasan global dadi akibaté.

Nulis Serat Pribadi

Nulis Serat Pribadi
Ing jaman ingkang sarwi komputer kados sakpunika, sampun awis sanget ingkang kersa nyerat utawa damel serat pribadhi kanthi ngginakaken basa Jawi. sampun malih serat ngginakaken basa Jawi, serat ingkang ngginakaken basa Indonesia kémawon inggih sami nasibipun. Punika amargi saya majengipun ngélmu teknologi komunikasi kadosdéné, HP lan nternet. Nanging sanajan sampun awis sanget dipunginakaken, boten wonten awonipun menawi awakipun piyambak tetep nyinau babagan serat (nawala, surat, serat, kintaka). Serat utawi serat punika, kalebet iketaning basa gancar ingkang mawi paugeran, paugeran punika manut lan kajumbuhaken kaliyan unggah – ungguhing pasrawungan. Nyerat serat punika wonten tatananipun, tatanan punika adhedhasar, ingkang ngirim lan ingkang dipunkirimi.
Perkawis ingkang wigatos lan kedah dipunmangertosi salebeting panyerataning serat utawi serat ;
1. Panyerating asma kedah jangkep, langkung prayogi menawi kaserat pangkat, lan kalenggahanipun.
2. Panyerating alamat / papan dunungipun ingkang dipunkirimi serat kedah jangkep lan cetha.
3. Panyerating titi mangsa kapacak ing sisih tengen.
4. Dipunwigatosaken bab adangiyahipun, inggih punika, pandonga, pamuji, pakurmatan ing purwakaning serat.
5. Pamilihing paprenahan lan tembung tandha pakurmatan kedah leres lan manut pranatan ingkang lumampah.
6. Dluwang, mangsi lan amplopipun kedah ingkang saé.
Manut isi lan ancasipun serat utawi serat kapérang dados 4 (sekawan), kadosta ;
1. Serat Kitir, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé nyenyuwun tulung tumrap ingkang dipunkirimi serat / serat.
2. Serat Iber, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé paring / caos pawarta ingkang sampun lumampah.
3. Serat Ulem utawi serat Sedahan, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana anggé ngaturi uleman upacara pawiwahan, tetakan, pèngetan, lsp.
4. Serat Dhines, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé kaperluwan dhines kantoran.

Tembung Andhahan lan Candra

Tembung Andhahan lan Candra
1. Tembung Andhahan
Yakuwi tembung kang wis dirimbag utawa diwenehi ater-ater, seselan lan penambang.
Ater ater yaiku wanda kang diwuwuhake ing ngarepe tembung lingga. Tuladhane dak, ko, di, ka, sa, pa, pi lan sapiturute. Dene seselan yaiku waanda kang diwuwuhake ing tengah-tengahe tembung. Kayata in, um, l, r lan liya liyane. Dene penambang yaiku wanda kang diwuwuhake ing mburine tembung, kayata ku, mu, an, a, na, anal an liya liyane.
Tuladha :
A + tulis : Anulis
Ny + sapu : Nyapu
Tulis + in : Tinulis
Sapu + in : Sinapu
Tulis + an : Tulisan
Sapu + ana : Sapuana

2. Chandra
Yaiku gambar utawa wangun kaendahan utawa kaanan sarana pepindhan. Nanging pepindhan iku namung sarana kanggo penyadra. Kang kudu diperhateake tetep kaendahan gambarane.
Tuladha :
1. Bocah iki tangane apik banget, drijine mucuk eri
2. Lambene nggula satemplik
3. Bangkeane nawon kemit.
4. Astane nggendewa pinentang
5. Lambeane mblarak sempal.

Mendiskusikan isi geguritan

Mendiskusikan isi geguritan
Miturut bausastra jawa, geguritan iku karangan kang pinathok kaya tembang nanging guru gaatra, guru wilangan lan guru lagun ora ajeg. Geguritan uga kasebut tembang uran-uran wujud purwakanthi.
Geguritan ing jaman dhisik esih nganggo paugeran kayata :
1. Cacahing gatra ora tartamtu nanging lumrahe sethithike patang gatra
2. Cacahing wanda gatra siji lan sijine padha akehe.
Nanging jaman nsaiki paugeran iku ora kanggo maneh. Geguritan jaman saiki nulad cara carane mancanegara kang maneka warna. Babagan kang penting saka geguritan yaiku anane pengajaran utawa amanat kang ana sajroning geguritan. Amanat bisa dimangerteni kanthi cara parafrasa. Yaiku ngandharake maneh sawijining teks utawa karangan arupa wujud kang beda supaaya bisa dimangerteni maknane.
SIJI SURO

wit-witan jumedhul saka ngakasa
maneka warna godhong lan woh-wohane
kebak aksara kang wis katulis
bisa diwaca lan ora bisa diwaca
kadhang katon kadhang ora
gumantung padhanging netra

banyu segara malih dadi seksi
kanthi cahya kang madhangi
kitab adammakna
tan ana kang keri
tan ana kang keliwatan
kacathet nora bakal ilang

mbulan wis katon ngilo ana tlaga
nggawa dluwang resik tanpa aksara
kumleyang sakdhuwure sirah
mabur sakparan-paran
angiteri jagad

Maca Pawarta

Maca Pawarta
Menawi salah satunggiling tiyang maos pawartos dipun pocapaken kanthi cetha ingkang saged kapireng dening tiyang sanes, cara maos mekaten dipun wastani cara “maos teknik” tiyang sanes saged medhot ingkang bakenipun perkawis / pawarta.
Ingkang kedah dipun gatosaken cara maos teknik inggih punika :
1. Pocapan (lafal) : nggatekake aksara vocal punapa konsonan.
2. Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara / nada.
3. Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun mirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
4. pandhelenging netra sasaged saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg
5. sikep maos kaudia ingkang santun miwah leres
Tuladha Pawarta Televisi
Teks Pawarta; Jogja TV
Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken perkawis menapa-menapa, kepara mujudaken papan ingkang ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sakdèrèngipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak, panggesanganing warga mbaka sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh ing papan menika.
Salah satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya ramé. Kejawi menika, warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa déné ngingah lembu, saéngga panggesanganipun saya mindhak.
Para warga ing sakiwatengening TPA sewaunipun boten mangertos menawi uwuh menika wonten pangaosipun. Sasampunipun kathah tetiyang saking sajawining rangkah pados rongsok ing papan kasebat, para warga nembé gumregah tumut pados rongsok lan pranyata panggesanganipun ugi saya saé.
Teks Pawarta; TVRI Jogja
Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin tansah nindakaken Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanèn ing mangkénipun saged kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern menika, mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngèngingi tradhisi menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung déning Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno.
Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi rumiyin dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungéndhong déning sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara Ruwatan sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti sawah. Kejawi menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan paméran kerajinan.

Senin, 16 Agustus 2010

Tembang Dolanan

CUBLAK-CUBLAK SUWENG
cublak cublak suweng.. suwenge ting gelenter..
mambu ketundung gudel
pak empong lera-lere
sopo ngguyu ndelikkake
sir-sir pong dhele gosong
sir sir pong dhele gosong

Sluku-sluku bathok
Sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si romo menyang solo
oleh-olehe payung moda
tak jenthir ololobah
wong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip nggoleko dhuwit

Gotri nagasari
gotri legendri nogosari, ri
riwul iwal- iwul jenang katul, tul
tulen olen-olen dadi manten, ten
tenono mbesuk gedhe dadi opo, po
podheng mbako enak mbako sedeng, deng
dengklok engklak-engklok koyo kodok

Dayohe Teka
Ei.., dayohe teko,
Ei.., jerengno kloso,
Ei.., klosone bedah,
Ei.., tambalen jadah,
Ei.., jadahe mambu,
Ei.., pakakno asu,
Ei.., asune mati,
Ei.., guwangen kali,
Ei.., kaline banjir
Te Kate Dipanah
Te kate dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk konde-onde
Mbok sirbombok mbok sirkate
Mbok sirbombok mbok sirkate

Gek kepriye
Duh kaya ngene rasane
Anake wong ora duwe
Ngalor ngidul tansah diece
Karo kanca kancane
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe

Pitik Tukung
Aku duwe pitik pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gok petok petok ngendok pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondol trondol tanpa wulu
Mondol mondol dol gawe guyu

Ilir-ilir
Lir ilir..lir ilir..tanduré wus sumilir Tak ijo royo¬royo..taksengguh temantèn anyar
Cah angon.cah angon..pènèkké blimbing kuwi , Lunyu-lunyu ya pènèken kanggo masuh dodotira
Dodotira dodotira kumitir bedhah ing pinggir Dondomana jlumatana kanggo séba méngko soré Mumpung padhang rembulané
Mumpung jembar kalangané Ya suraka..surak horéé

Kate – Kate Dipanah
Te kate dipanah
dipanah ngisor nggelagah
ana manuk ondhe ondhe
Mbok sir bombok bok sir kate
Mbok sir bombok mbok sir kate

Menthok – menthok
Menthok menthok tak kandhani
Saksolahmu angisi-isini
Mbok ya aja ngetok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok-menthok mung lakumu
Megal-megol gawe guyu

Kupu Kuwi
Kupu kuwi tak encupe
Mung abure ngewuhake
Ngalor-ngidul
Ngetan bali ngulon
Mrana-mrene mung sak paran-paran
Mbokya mencok tak encupe
Mentas mencok clegrok
Banjur mabur kleper

Cempa
Cempa rowa
Pakananmu apa rowa
Tuku gendhing ndhing ndhing ndhing
Rowang rawing wing wing wing
Bong kecebong jarane jaran bopong
Sing nunggangi Semar Bagong
Ecrek-enong ecrek-egung ecrek-enong ecrek-egung

Jago Kate
Jago kate te te te
Kukukluruk … kok
Amecece ce ce ce
Kukukluruk
Dibalang watu bocah kuncung
Keok … kena telehe
Njranthal … pelayune
Mari umuk mari ngece
Si kate katon nyekukruk

PADANG MBULAN
Yo, poro konco dolanan ning jobo
Padang mbulan, padange koyo rino
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelingake ojo podo turu sore

JAMURAN
Jamuran... jamuran...ya ge ge thok...
jamur apa ya ge ge thok...
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung,
sira badhe jamur apa?

KODOK NGOREK
Kodok ngorek kodok ngorek ngorek pinggir kali
teyot teblung teyot teblungteyot teyot teblung
Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter
bocah bodho bocah bodho besuk kaya kebo

KIDANG TALUN
Kidang talun
mangan gedang talun
mil kethemil...mil kethemil...
si kidang mangan lembayung

DONDHONG APA SALAK
dhondhong apa salak dhuku cilik cilik
gendong apa mbecak mlaku thimik thimik
adhik ndherek ibu tindak menyang pasar
ora pareng rewel ora pareng nakal
mengko ibu mesthi mundhut oleh-oleh
kacang karo roti adhik diparingi

PITIK TUKUNG
Aku duwe pitik, pitik tukung..
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji,
tak teteske...kabeh trondhol..dhol..dhol..
tanpa wulu..megal-megol.. gol.. gol.. gawe guyu...

JARANAN
jaranan-jaranan... jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher

GUNDHUL-GUNDHUL PACUL
Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan
nyunggi nyunggi wakul kul, petentengan
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar

MENTHOK-MENTHOK
Menthok, menthok, tak kandani mung lakumu,
angisin-isini mbok yo ojo ngetok,
ono kandhang wae enak-enak ngorok,
ora nyambut gawe
menthok, menthok ...
mung lakukumu megal megol gawe guyu

GAMBANG SULING
Gambang suling, ngumandhang swarane
tulat tulit, kepenak unine
uuuunine.. mung..nreyuhake ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangane

SUWE ORA JAMU
Suwe ora jamu
jamu godong tela
suwe ora ketemu
ketemu pisan gawe gela

TAK LELO LELO LEDUNG
tak lelo lelo lelo ledung...
cup menenga aja pijer nangis
anakku sing ayu rupane
nek nangis ndak ilang ayune
tak gadang bisa urip mulyo
dadiyo wanita utomo
ngluhurke asmane wong tua
dadiyo pendekaring bangsa
cup menenga anakku
kae bulane ndadarikaya ndas butho nggilani
agi nggoleki cah nangis
tak lelo lelo lelo ledung
cup menenga anakku cah ayu
tak emban slendang batik kawung
yen nangis mudak gawe bingung
tak lelo lelo ledung..

SLUKU-SLUKU BATHOK
sluku-sluku bathok,bathoke ela-elo,
siromo menyang solo, oleh-olehe payung montho,
mak jenthit lo-lo lobah, wong mati ora obah,
yen obah medeni bocah

JAMURAN
Jamuran… jamuran…ya ge ge thok
jamur apa ya ge ge thok
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung
sira badhe jamur apa?

KIDANG TALUN
Kidang talun
mangan gedang talun
mil kethemil…mil kethemil
si kidang mangan lembayung

PITIK TUKUNG
Aku duwe pitik, pitik tukung
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji
tak teteske…kabeh trondhol..dhol..dhol
tanpa wulu..megal-megol.. gol.. gol.. gawe guyu

KATE DIPANAH
Te kate dipanah
dipanah ngisor gelagah
ana manuk onde-onde
mbok sirbombbrok, mbok si kate mbok sirbombbrok,
mbok si kate mbok sirbombbrok, mbok si kate

JARANAN
jaranan-jaranan… jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher

LIR ILIR
Lir ilir, lir ilir, tandure wus sumilir
tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu yo peneken kanggo mbasuh dodo tiro
dodo tiro kumitir bedah ing pinggir
Dondomana j’rumatana kanggo seba mengko sore
mumpung padang rembulane, mumpung jembar kalangane.yo surako surak hiyo

GUNDHUL-GUNDHUL PACUL
Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan
nyunggi nyunggi wakul kul, petentengan
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar

GAMBANG SULING
Gambang suling, ngumandhang swarane
tulat tulit, kepenak unine
uuuunine.. mung..nreyuhake ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangane

Sabtu, 14 Agustus 2010

Tataran rimbag

Tataran rimbag
Rimbag inggih punika pangowahan tembung lingga kanthi muwuhi ater-ater, seselan, saha panambang, punapadene imbuhan rangkep. Imbuhan ingkang manggènipun ing sangajenging tembung naminipun ater-ater, déné ingkang manggènipun ing tengah dipunsebat seselan, lan manawi manggènipun ing sawingkinging tembung naminipun panambang, déné yèn manggènipun ing ngajeng saha wingking utawi ngajeng, tengah, wingking naminipun imbuhan rangkep.
Tembung tanduk : yaiku sakabehig tembung lingga kang olih ater-ater swara irung
Tembung tanduk yaiku tembung lingga jroning Basa Jawa sing olèh ater-ater hanuswara (m-, n-, lan ny-). Ana telung jinis tembung tanduk, yakuwi[1]:
1. Tembung tanduk kriya wantah, yaiku tembung sing ora olèh panambang. Tuladha: maju, ngadeg, nyapu.
2. Tembung tanduk i- kriya, yaiku tembung tanduk sing olèh panambang i. Tuladha: nulungi, ngumbahi, nyaponi.
3. Tembung tanduk ke- kriya, yaiku tembung tanduk sing diwèmèhi panambang -ké utawa -aké. Tuladha: nyèlèhaké, nuduhaké, mbalèkaké.
Tembung tanggap : yaiku sakabehe tembung lingga kang olih ater-ater tripurusa, ater-ater ka lan seselan in
1. Tembung tanggap yakuwi tembung lingga jroning Basa Jawa sing diwuwuhi ater-ater tripurusa (dak-, ko-, lan di-) lan seselan -in. Jinisé tembung tanggap anapapat[1].
2. Tembung tanggap tripurusa, yaiku tembung lingga sing diwuwuhi ater-ater tripurusa. Tuladha: dakpangan, kojupuk, dibalangi.
3. Tembung tanggap na, yaiku sing diwuwuhi seselan -in. Tuladha: tinulis, sinengkakaké.
4. Tembung tanggap tarung, yaiku tembung dwilingga sing diwuwuhi seselan in tripurusa. Tuladha: sawang-sinawang, serat-sinerat.
5. Tembung tanggap ka, yaiku tembung tanggap sing diwuwuhi ater-ater ka-. Tuladha: kaobong, kagéndhong.
6. Tembung tanggap tarung, Tulaadha : baling binalang, apura ingapura

Maca Pawarta

Maca Pawarta
Menawi salah satunggiling tiyang maos pawartos dipun pocapaken kanthi cetha ingkang saged kapireng dening tiyang sanes, cara maos mekaten dipun wastani cara “maos teknik” tiyang sanes saged medhot ingkang bakenipun perkawis / pawarta.
Ingkang kedah dipun gatosaken cara maos teknik inggih punika :
1. Pocapan (lafal) : nggatekake aksara vocal punapa konsonan.
2. Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara / nada.
3. Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun mirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
4. pandhelenging netra sasaged saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg
5. sikep maos kaudia ingkang santun miwah leres
Tuladha Pawarta Televisi
Teks Pawarta; Jogja TV
Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken perkawis menapa-menapa, kepara mujudaken papan ingkang ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sakdèrèngipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak, panggesanganing warga mbaka sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh ing papan menika.
Salah satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya ramé. Kejawi menika, warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa déné ngingah lembu, saéngga panggesanganipun saya mindhak.
Para warga ing sakiwatengening TPA sewaunipun boten mangertos menawi uwuh menika wonten pangaosipun. Sasampunipun kathah tetiyang saking sajawining rangkah pados rongsok ing papan kasebat, para warga nembé gumregah tumut pados rongsok lan pranyata panggesanganipun ugi saya saé.
Teks Pawarta; TVRI Jogja
Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin tansah nindakaken Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanèn ing mangkénipun saged kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern menika, mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngèngingi tradhisi menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung déning Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno.
Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi rumiyin dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungéndhong déning sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara Ruwatan sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti sawah. Kejawi menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan paméran kerajinan.

Nyemak musyawarah lan nanggapi

Nyemak musyawarah lan nanggapi
Muayawarah yaiku rembugan sawijinng babagan utawa perkara kanggo nggoleki solusi perkara iku.Tujuane musyawarah iku kanggo nggolek tembung sepakat lan mupakat. Carane nanggapi musyawarah iku bisa wujud pendapat, ide, kritik utawa dene dukungan.
Mikirake Nasibe Korban Tsunami
Ing dina Senen mulai jam 14.00 WIB, ketua OSIS SMA Ma’arif Karangmoncol ngumpulake kabeh penguruse saperlu nganaake patemon kang ngrembug bab nasibe korban tsunami. Wis suwe anggone mbahas, nanging during ana kasile jalaran akeh banget usul kang mebu. Ana sing usul nyumbang duit, klambi, buku pelajaran ln liya liyane.
Werna-werna usule mau saengga ketua OSIS sing mimpin patemon dadi bingung awit kabeh usul kang mlebu apik lan penting. Pembina OSIS kang wiwit patemon meneng wae banjur paring pangandikan “ Aweh pambiyantu iku sepisan kudu dijumbuhake karo kekuwatane kita. Sing nomer loro aja ngant gawae rekasa marang waong sing ngirim, sing nomer telu, jumbuh karo apa kang diarepake dening wong kang dibantu “.
Ketua OSIS banjur matur “ Mturnuwun Bapak Pembina OSIS, naming kula sumanggaake marng kanca-kanca kabeh,pundi ingkang badhe katindakake, awit sedaya usul sae. Ingkang uama, musyawarah “
Pembina OSIS ngendika maneh ,” Ya bener, musyawarah iku pancen dhasare paheman, lha saiki kari endi kaang disarujuki ?”
Sekretaris kang awit mau meneng wae banjur usul, “ Aku kok mathuk yen kita nyumbang wujud dhuwit wae, gampang anggone ngirim, cukup dititipake marang ariwarti utawa stasiun TV “
“ Aku mung usul wae, kepriye yen wujud sandhangan pantas pakai wae, jalaran yen wujud duwit, mengko kang nampa ndadak tuku klambi, buku lan liya-liyane.”
Ketua bidang kegiatan banjur usul ,” Pambiyantu apa wae pancen becik, nanging kang lewih becik maneh yen bisa ngirim bantun tenaga sukarela. Wes aku sing ndaptar ndhisiki wis .”
Saka mburi ana maneh kang usul,” Lha kabeh-kabeh kok usule mbantu dhuwit, sndhangan, tenaga sukarela, lha nek aku usul, pye yen kita kirim donga wae ?”
Kabeh kang lagi musyawarah ngguyu, kejaba Pembina OSIS kang naming mesem wae, banjo ngendika, “ Aja diguyu ta, donga iku ya banget dibutuhake, ndonga iku ora enteng, butuh kehusyukan.”
Bareng wis sawetara ora ana usul kang mlebu maneh, banjur ketua OSIS ngandharake maneh siji-sijine usulan. Ditimbang kana kene, ahire diputusake sumbangan apa kang arep dikumpulake.

Tembung Rangkep

Tembung Rangkep
Yaiku tembung kang dirangkep, jinise tembung iki keperang dadi :
1. Tembung rangkep dwilingga
a. Tembung rangkep dwilingga padha swara
Tuladhane : buku-buku, murid – murid, kursi-kursi
b. Tembung rangkep dwilingga salin swara
Tuladha : bola-baali, gonta-ganti, tuka-tuku
c. Tembung rangkep dwilingga semu
Tuladha : onde-onde, undur-undur, ati-ati
2. Tembung rangkep dwipurwa
Kang dirangkep purwane wae
Tuladha : lelaku, tetuku, jejagong
3. Tembung rangkep dwiwaasana
Kng dirangkep wasanane wae
Tuladha : busik dadi busisik, suwek dadi suwewek.

Pidhato XI

Pidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanathi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh.
Kegiyatan micara ing samgarepe wong akeh bisa kabagi dadi loro, yaiku :
a. Wong kang pidhato nalika rampung anggone menehi sesuluh marang pamiarsane, lan ora menehi kalodhangan kanggo takon utawa menehi tanggepan. Tuladhane kayata ceramah, wara-wara, lan khotbah.
b. Wong kang pidhato nalika rampung banjur menehi wektu marang pamiarsa kanggo menehi tanggepan. Tuladhane kayata diskusi lan rapat.
Kagiyatan pidhato diwiwiti kanthi nemtokake urutan-urutan kaya ing ngisor iki.
a. Naliti prakara kanthi
1. Nemtokake arahan utawa tujuan pidhato kang bakal digayuh.
2. Naliti pamiarsa kayata lanang kabeh utawa wedhok kabeh, umure rata-rata piro, lsp.
3. Naliti kahanan kayata wayah esuk, awan utawa bengi, bisa uga lagi mangsa apa.
4. Milih lan mbatesi topic.
b. Nata pidhato kanthi
1. Nglumpukake bahan.
2. Nata utawa nggawe cengkorongan (rangkane pidhato).
3. Ngandarake kanthi cetha.
c. Gladhen kanthi migatekake
1. Intonasi utawa lagu swara
2. Sikap
3. Gaya basa
4. Wirama
Anggone pidhato bisa tumindak kanthi rancag lan apik, perlu dianakake kagiyatan pambuka, yaiku :
a. Nata pokok-pokok pikiran
b. Ngripta pokok-pokok pikiran dadi ukara pokok
c. Nggawe cengkorongan (rangkane pidhato)
d. Ngandharake pidhato kanthi migatekake cengkorongan kang wis ditata.

Mendiskusikan isi geguritan

Mendiskusikan isi geguritan
Miturut bausastra jawa, geguritan iku karangan kang pinathok kaya tembang nanging guru gaatra, guru wilangan lan guru lagun ora ajeg. Geguritan uga kasebut tembang uran-uran wujud purwakanthi.
Geguritan ing jaman dhisik esih nganggo paugeran kayata :
1. Cacahing gatra ora tartamtu nanging lumrahe sethithike patang gatra
2. Cacahing wanda gatra siji lan sijine padha akehe.
Nanging jaman nsaiki paugeran iku ora kanggo maneh. Geguritan jaman saiki nulad cara carane mancanegara kang maneka warna. Babagan kang penting saka geguritan yaiku anane pengajaran utawa amanat kang ana sajroning geguritan. Amanat bisa dimangerteni kanthi cara parafrasa. Yaiku ngandharake maneh sawijining teks utawa karangan arupa wujud kang beda supaaya bisa dimangerteni maknane.
SIJI SURO

wit-witan jumedhul saka ngakasa
maneka warna godhong lan woh-wohane
kebak aksara kang wis katulis
bisa diwaca lan ora bisa diwaca
kadhang katon kadhang ora
gumantung padhanging netra

banyu segara malih dadi seksi
kanthi cahya kang madhangi
kitab adammakna
tan ana kang keri
tan ana kang keliwatan
kacathet nora bakal ilang

mbulan wis katon ngilo ana tlaga
nggawa dluwang resik tanpa aksara
kumleyang sakdhuwure sirah
mabur sakparan-paran
angiteri jagad

Wawancara

Wawancara
Wawancara yaiku golek informasi saka wong kang diarani narasumber.
Kang kudu diperhateake nalika wawancara yaiku :
1. Nemtoake topic
2. Nemtoake tujuan
3. Nyiapake pitakonan
4. Nemtoake narasumbere
5. Gawe janji
Babagan kang kudu diperhateake nalika wawancara yaiku :
1. Salam
2. Ngganggo basa ang sopan
3. Pendelenge marang nara sumber
4. Aja aweh pitakon ya lan ora
5. Ngahiri kanthi matutnuwun lan salam
Tuladha wawancara :
Satya : “ Emba, punapa keparenga kula nyuwun priksa ?”
Embah : “ Arep akon apa, antuk garapan ngoma apa kepriye?”
Satya : “ Inggih mbah,, kala wau Pak Guru ngandharake bilih griya ing jaman sapunika kathah jinis wewangunanipun kadosta griya tumpuk, ruko,perumnas lan sanes-sanesipun. Senadyan mekaten, sarehne bebrayan Jawi punika gadhah jinis piyambak ingkang maneka warni, pramila kula sakanca kedah mangertosi. Lha bab punika igkang dipundadosaken garapan griya dening Pak Guru “.
Embah : “ Oo … ngoo ta . mudheng aku kersane gurumu kuwi. Pancen omah jawa iku manekawarrnaa. Apa kira-kira kowe during mudheng bab jinise omah jawa iku ? “
Satya : “ Sajatosipun nggih sampun mbaah, nanging dereng jangkep “.
Embah : “ Coba, omahe Pak Darmo kae jenise apa ? “
Satya : “ Punika limas an mbah, awit wanguning griya wonten ampyakipun sekawan, ingkang kalih ageng serongan dene ingkang kalih malih wangun majeng tiga utawi segitiga.”
Embah : “ Pinter kowe, banjur apa bedane karo omahe pak Tirta ?”
Satya : “ Menawi punika griya kampong bah, jalaran wangunan griya wujud empyak kalih mawi tutup keyong “
Embah : “ Lha yen ngarepn Bale Desa kae ?”
Satya : “ Punika joglo mbah, titikane mawi saka guru kasambet saka rawa mubeng “
Embah : “ Pancen , omah limas an kuwi awangun empyak papat, sing loro gedhe serongan lan sing loro maneh awangun maju telu utawa segitiga. Dene omah kampong iku wangun empyak loro nanging ngnggo tutup keyong. Lan omah joglo iku nganggo saka guru papat disambung saka rawa mubeng, dene empyak cilik mandhuwur kaya dene limasan. Banju apane sing kurang ?”
Satya : “ Babagan peranganipun griya mbah “
Embah : “ O, kuwi ta, babagan perangaing omah. Yen ngono ayo dakwiwiti saka regol kana kae “
Satya : “ Sumangga mbah “
Kapethik saking Materi Wajib Mulok Bahasa Jawa 3

Tembung Andhahan lan Candra

Tembung Andhahan lan Candra
1. Tembung Andhahan
Yakuwi tembung kang wis dirimbag utawa diwenehi ater-ater, seselan lan penambang.
Ater ater yaiku wanda kang diwuwuhake ing ngarepe tembung lingga. Tuladhane dak, ko, di, ka, sa, pa, pi lan sapiturute. Dene seselan yaiku waanda kang diwuwuhake ing tengah-tengahe tembung. Kayata in, um, l, r lan liya liyane. Dene penambang yaiku wanda kang diwuwuhake ing mburine tembung, kayata ku, mu, an, a, na, anal an liya liyane.
Tuladha :
A + tulis : Anulis
Ny + sapu : Nyapu
Tulis + in : Tinulis
Sapu + in : Sinapu
Tulis + an : Tulisan
Sapu + ana : Sapuana

2. Chandra
Yaiku gambar utawa wangun kaendahan utawa kaanan sarana pepindhan. Nanging pepindhan iku namung sarana kanggo penyadra. Kang kudu diperhateake tetep kaendahan gambarane.
Tuladha :
1. Bocah iki tangane apik banget, drijine mucuk eri
2. Lambene nggula satemplik
3. Bangkeane nawon kemit.
4. Astane nggendewa pinentang
5. Lambeane mblarak sempal.

Nulis Serat Pribadi

Nulis Serat Pribadi
Ing jaman ingkang sarwi komputer kados sakpunika, sampun awis sanget ingkang kersa nyerat utawa damel serat pribadhi kanthi ngginakaken basa Jawi. sampun malih serat ngginakaken basa Jawi, serat ingkang ngginakaken basa Indonesia kémawon inggih sami nasibipun. Punika amargi saya majengipun ngélmu teknologi komunikasi kadosdéné, HP lan nternet. Nanging sanajan sampun awis sanget dipunginakaken, boten wonten awonipun menawi awakipun piyambak tetep nyinau babagan serat (nawala, surat, serat, kintaka). Serat utawi serat punika, kalebet iketaning basa gancar ingkang mawi paugeran, paugeran punika manut lan kajumbuhaken kaliyan unggah – ungguhing pasrawungan. Nyerat serat punika wonten tatananipun, tatanan punika adhedhasar, ingkang ngirim lan ingkang dipunkirimi.
Perkawis ingkang wigatos lan kedah dipunmangertosi salebeting panyerataning serat utawi serat ;
1. Panyerating asma kedah jangkep, langkung prayogi menawi kaserat pangkat, lan kalenggahanipun.
2. Panyerating alamat / papan dunungipun ingkang dipunkirimi serat kedah jangkep lan cetha.
3. Panyerating titi mangsa kapacak ing sisih tengen.
4. Dipunwigatosaken bab adangiyahipun, inggih punika, pandonga, pamuji, pakurmatan ing purwakaning serat.
5. Pamilihing paprenahan lan tembung tandha pakurmatan kedah leres lan manut pranatan ingkang lumampah.
6. Dluwang, mangsi lan amplopipun kedah ingkang saé.
Manut isi lan ancasipun serat utawi serat kapérang dados 4 (sekawan), kadosta ;
1. Serat Kitir, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé nyenyuwun tulung tumrap ingkang dipunkirimi serat / serat.
2. Serat Iber, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé paring / caos pawarta ingkang sampun lumampah.
3. Serat Ulem utawi serat Sedahan, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana anggé ngaturi uleman upacara pawiwahan, tetakan, pèngetan, lsp.
4. Serat Dhines, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé kaperluwan dhines kantoran.

Maca intensif paragraph deduktif lan induktif

Maca intensif paragraph deduktif lan induktif
Maca intensif yaiku maca kathi tujuan bisa mahami kanthi tenanan marang pendapat ing wacan, urutane, retorise, utawa polane.
Miturut panggonane ukara baku, paragraph kaperang dadi 2, yaiku dheduksi lan induksi.
Paragraf dheduksi iku ukara bakune ana ing ngarep utawa awal paragraf, ukaara panerange ana ing mburine.
Paragraf induksi iku ukara bakune ana ing mburi dhewe, ukara-ukara panerange ana ng wiwitan paragraph.
Pamanasan global kuwi anané prosès mundhaké suhu rata-rata atmosfér, segara, lan dharatan bumi. Suhu rata-rata global ing lumahing bumi wis ningkat 0.74 ± 0.18 °C (1.33 ± 0.32 °F) jroning satus taun pungkasan iki. Intergovernmental Panel on Climate Change (IPCC) nyimpulaké yèn, "sebagéyan gedhé paningkatan suhu hawa rata-rata global wiwit pertengahan abad kaping-20 kamungkinan gedhé disebabaké déning mundhaké konsentrasi gas-gas omah kaca akibat aktivitas manungsa"[1] liwat èfèk omah kaca. Kesimpulan dhasar iki wis diandharaké déning saora-orané 30 badan èlmiyah lan akademik, klebu kabèh akademi sains nasional saka negara-negara G8. Ananging, isih sisa sawetara èlmuwan sing ora setuju karo sawetara kesimpulan sing diandharaké déning IPCC kasebut. Modhèl iklim sing didadèkaké acuan déning projek IPCC nuduhaké suhu permukaan global bakal ningkat 1.1 nganti 6.4 °C (2.0 nganti 11.5 °F) antara taun 1990 lan 2100.[1] Béda ing angka perkiraan iku disebabaké déning panggunaan skenario-skenario kang béda-béda ngenani emisi gas-gas omah kaca ing mangsa ngarep, sarta modhèl-modhèl sensitivitas iklim sing béda-béda. Senadyan sebagéyan gedhé panelitèn munjer marang periode nganti 2100, pamanasan lan mudhaking lumahing banyu segara dikira-kira bakal terus lumaku sajroning luwih saka sèwu taun senadyan tingkat emisi gas omah kaca wis stabil.[1] Iki nggambaraké gedhéné kapasitas panas saka segara.
Mundhaké suhu global dikira-kira bakal nyebabaké owah-owahan liya kayadéné mundhaké lumahing banyu segara, mundhaké intensitas fenomena cuaca sing ekstrim,[2] sarta owah-owahan gunggung lan pola presipitasi. Akibat-akibat pamanasan global sing liya yakuwi kapengaruhané kasil tetanèn, ilangé gletser, lan punahé werna-werna jinis kéwan. Sawetara bab-bab sing isih dadi ranguné para èlmuwan yakuwi ngenani gunggung pamanasan sing dikira-kira bakal kedadéyan ing mangsa ngarep, lan piyé pamanasan sarta owah-owahan sing dumadi kasebut bakal bervariasi saka siji dhaerah menyang dhaerah liyané. Nganti wektu iki isih ana wacana pulitik lan publik ing donya ngenani apa, yèn ana, tindakan sing kudu dilakoni kanggo ngurangi utawa mbalikaké pamanasan sabanjuré utawa kanggo adaptasi marang konsekwensi-konsekwensi sing ana. Sebagéyan gedhé pamarintahan negara-negara ing donya wis napak astani lan ngratifikasi Protokol Kyoto, sing ngarah marang pangurangan emisi gas-gas omah kaca.
Sakabèhé sumber energi sing sisa ing Bumi asalé saka srengéngé. Sebagéyan gedhé energi kasebut jroning wangun radiasi gelombang pèndhèk, klebu cahya sing kasat mata. Nalika energi iki ngenani lumahing bumi, banjur owah saka cahya dadi panas sing ngangetaké bumi. Lumahing bumi, bakal nyerep sebagéyan panas lan mantulaké sisané. Sebagéyan saka panas iki minangka radiasi infra merah gelombang panjang menyang angkasa. Nanging sebagéyan panas tetep kaperangkap ing atmosfer bumi akibat numpuké gas omah kaca antara liya uwap banyu, karbon dioksida, lan metana sing dadi perangkap gelombang radiasi iki. Gas-gas iki nyerep lan mantulaké manèh radiasi gelombang sing dipancaraké bumi lan akibaté panas kasebut bakal kasimpen ing lumahing bumi. Bab iki kadadéyan makaping kaping lan ngakibataké suhu rata-rata taunan bumi terus mundhak. Gas-gas kasebut duwé fungsi kayadéné fungsi kaca ing omah kaca. Kanthi tansaya mundhaké konsentrasi gas-gas iki ing atmosfer, saya akèh panas sing kaperangkap ing sangisoré. Sakbeneré, èfèk omah kaca iki dibutuhaké banget déning kabèh makhluk urip sing ana ing bumi, amarga tanpa kuwi, planet iki bakal dadi adhem banget. Kanthi suhu hawa rata-rata 15 °C (59 °F), bumi sakbeneré wis luwih panas 33 °C (59 °F) kanthi anané èfèk omah kaca[3] (tanpa èfèk mau suhu bumi mung -18 °C saéngga ès bakal nutupi kabèh lumahing bumi). Ananging suwaliké, akibat gunggungé gas-gas kasebut wis kaluwihan ing atmosfer, pamanasan global dadi akibaté.

Pidato

Pidato

Pidhato utawa tanggaap wacana yaiku njlentrehake idhe utawa pokokpikiran kanthi lantaran tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh. Dene tujuane phidato iku maneka warna, antarane menehi informasi, hiiburan, utawa ngajak-ngajak.
Miturut kahanane,pidhato keperang dadi 3 yaiku resmi, setengah resmi lan ora resmi.
Babagan kang kudu diperhateake nalika pidhato antarane :
1. Sandhangane
2. Carane ngadeg ing podium
3. Carane nggoceki mikrophon
4. Carane pidhato
Bakune wedharaning pangandikan kudu urut runtut, cetha pilah - pilahipun, satemah isining wedharan saged jumbuh kaliyan ayahan ingkang lumampah. Babaring pangandikan, prayogi kapérang dados tigang (3) perkara :
• Purwaka, inggih punika atur pangandikan ingkang minangka pambuka. Ingkang kalebet ing pérangan purwaka antawisipun :
 Salam pambuka / uluk salam.
 Asung pakurmatan dhumateng para tamu.
 Muji syukur wonten ngarsaning Gusti Ingkang Murbèng Dumadi.
 Ngaturaken gatining ayahan.
 Ngaturaken reroncèning adicara.
 Tata laksitaning adicara kawaos saking pambuka ngantos dumugi panutup, lajeng para tamu kasuwun sekéca lenggah, angantu adicara saklajengipun.
• Isi utawi péranganing isi ingkang wigati, inggih punika wosing pangandikan. Ingkang kalebet pérangan wigati tumrap panata adicara kadosta ngaturaken saben – saben adicara, rikala ngaturaken saben adicara kedah cetha anggènipun ngaturaken adicara ingkang badhé lumampah, setunggal mbaka setunggal para paraga ingkang hanyengkuyung dipunaturi kanthi cetha.
• Wasana, inggih punika atur ingkang minangka panutup. Wondéné pérangan wasana, tumrap panata adicara antawisipun ;
 Nyuwun pangapunten dhumateng sedaya kekirangan saha kalepatan
 anggènipun nindakaken jejibahan.
 Ndhèrèkaken sugeng konduripun para tamu.
 Ngaturaken adicara panutup kanthi salam panutup.

Tuladha tanggap wacana :
Salam......................................................
Nuwun,
Katur dhumateng Bp. Sadono ingkang kinormatan, ingkang jumenengipun tinanggenah dados wakilipun Bp. Sarjito sekalian.
Ing ngriki kula pinjil dados paraga sulih sariranipun Bp. Sarjono sekalian, ngemban jejibahan kinen sowan saha matur wonten ing ngarsa penjenengan.
Saderenge kula ngaturaken wigatining sowan kula prelu langkung rumiyin ngunjukaken raos suka syukur alhamdulillah dhumateng Pangeran Ingkang Maha Agung, dene awit saking sih berkah tuwin sih rahmatipun, penjenengan kula saget sami pinanggih kanthi wilujeng, winantu ing suka rena.
Bapak Sadono ingkang kinormatan sasampunipun kula kasembadan sowan ing ngarsa panjenengan, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapak Sarjono sekaliyan mugi kaaturna dhumateng Bapak Sarjito sekalian, dene ingkang dados telenging sedya saha wigatining prelu, kula kadhawuhan nglrapaken penganten kakung pun Bagus Sudibyo, ST, atmaja kakungipun Bapak Sarjono sekaliyan ingkang pidalem ing..........................................ingkang ing dinten punika, Minggu, 11 Desember 2005 badhe kadaupaken kaliyan anak Rr. Salindri, SE putra putrinipun Bapak Sarjito sekaliyan, hawit saking punika titiwanci punika penganten kakung pun bagus Sudibyo, ST, kula pasrahaken ing ngarsa panjenengan borong menggah kalaksanane sedya. Kula namung nderek memuji, mugi sadayanipun tansah manggiya wilujeng.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi anggen kula sowan wonten tunadungkaping tumindak utawi kirang jangkeping trapsila, samanten ugi manawa atur kula mboten mranani ing panggalih, kepareng hangluberaken samodra pangaksami nuwun matur nuwun.

Nyemak Geguritan

Nyemak Geguritan
Basa jawa iku sugih kasusasstran, salah sijine yaiku geguritan. Miturut kamus, geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang, nanging guru gatra, guru wilangan lan guru lagune ora ajeg. Miturut Subalidinata 1994 : 45 ) geguritan iku iketning basa kang memper syair. Mula ana kang ngarani geguritan iku syair jawa gagrag anyar. Geguitan iku asal tembunge gurita, kanga sale saaka tembung gita kang atges tembang.
Adhedhasar dapukane, jinise geguritan kaperaang dadi 10, yaiku :
1. Syair rong gatra sapada = gita dwigatra
2. Syair telung gatra sapada = gita trigatra
3. Syair patang gatra sapada = gita caturgatra
4. Syair limang gatra sapada = gita pancagatra
5. Syair nem gatra sapada = gita sadgatra
6. Syair pitung gatra sapada = gita saptagatra
7. Syair wolung gatra sapada = gita hastagatra
8. Syair sangang gatra sapada = gita nawagatra
9. Syair – syair dhapur soneta
10. Syair bebas
Babagan kang penting saka geguritan yaku tema, pamilihane tembung utawa diksi, sarana retorika lan amanat.
Tuladhane geguritan :
NALIKA GUNUNG – GUNUNG NEGES
Dening Budhisetyawan

gunung-gunung kang padha pating jenggeleg
aweh pitakon marang wit-witan ana sawah lan tegalan
wit pari, tela, jagung, kacang padha ora bisa jawab
amarga padha ora ngerti apa makna pitakone gunung
apa sebabe gunung didhuwurke
luwih tinimbang panggonan liyane ing jagad
kepara nganti ngaras langit
pitakonan kang angel dijawab
angin wae ora ngerti
apa maneh sato kewan lan para manungsa
sing bisa mangerti amung barang kang
kasimpen ing dasar bumi, kang ora kasat mripat
tansah anteng lan ajeg
ngangsu banyu ngliwati wot rambut kang dibelah pitu
mbokmanawa gunung-gunung kuwi
kanggo ancik-ancik para satriya
nggoleki sukmane kang mabur
digawa para widadari
Jakarta, pertengahan Maret & 7 April 2001
Damarjati No. 71 taun 2008

Cerita Rakyat

Cerita Rakyat
Saben daerah, ndueni crita kang beda-beda. Nanging amarga kemajuan teknologi kanthi anane TV, crita mau kaya kalah karo anane tokoh-tokoh hero saka Negara liya. Akeh bocah saiki kang ora ngerti babagan cerita ing daerahe dhewe. Sejatine cerita rakyat iku ngemu surasa kang gedhe banget tumprap kanggo bocah-bocah, hususe kanggo pendidikan budi pekerti. Kayata cerita kancil karo baya, malin kundang lan liya liyane.
Perangane cerita rakyat yaiku :
1. Cerita fiksi
a. Mite
Yaiku dongeng kang ana hubungane karo alam lelembut, alam gaip.
Tuladhane : Nyi Roro Kidul, Nyi Blorong, Gendruwo, tuyul lan liya liyane.
b. Fabel
Yaiku dongeng kang peragane awujud kewan kang bisa celathu kaya manungsa
Tuladhane : Kancil nyolong timun, Kancil karo baya, Kancil karo macan, Gajah musuh semut lan liya liyane
c. Legenda
Yaiku dongeng gegandengan karo dumadine sawijining papan utawa barang
Tuladhane : Asal usul rawa pening, Asal usul Desa Grantung, Watu malin kundang lan lya liyane
2. Cerita non fiksi
a. Hikayat
Yaiku cerita kang mbahas babagan peragane kanthi jelas.
Tuladhane : Hikayat Hang Tuah, Hikayat Bahtiar lan liya liyane
b. Babad
Yaiku cerita kang ana bukti lan nyatane, nanging wis ditambahi cerita kang ora nggenah.
Tuladhane : Babad Tanah Jawi, babad Mataram, Babad Majapahit lan liya liyane.
c. Sejarah
Yaiku cerita kang bener-bener kedadian la nana bukti nyatane.
Tuladhane : Sejarah Jendral Soedirman, Sejarah Majapahit , Sejarah Wali Perkasa lan liya liyane
d. Roman
Yaiku cerita kang nggambarake uripe pawongan mulai lair tekan pati.
Jenise roman : Roman Adat, Roman Sosial, Roman Detektif lan liya liyane

Ngringkes Wacan

Ngringkes Wacan
Ngringkes iku ndadeake kang akeh dadi sethithik. Dene ngringkes wacan iku ndadeake tulisan kang akeh dadi sethithik, yaiku babagan-babagan kang penting-penting wae saka wacan iku. Ngingkes iku migunani banget tumprap kanggo bocah sekolah. Sakliane bisa nggampangake sinau, uga bisa nglatih kemampuan nulis.
Ngringkes iku nganggo bahasane dewe kang gampang dipahami, ukarane simple, nanging tetep bisa makili apa kang diringkes.


Carane ngringkes :
1. Maca wacan kanga arep diringkes
2. Nulis ukara bakune
3. Ngronce ukara baku dadi paragraph kang gampang dimangerteni
Wisanggeni lair wujud geni lan menjila dadi satriya pinunjul
Wisanggeni iku anake Arjuna lan Dewi Dresanala. Dewi Dresanala iku anake Bathara Brahma. Arjuna duwe sisihan Dewi Dresnala nalika Arjuna dadi raja ing Kaindran, jejuluk Prabu Kiritin. Arjuna bisa jumeneng dadi raja ing Kaindran amarga antuk kanugrahan saka dewa sawise kasil ngalahake Prabu Niwatakawaca, raja ditya sing sekti mandraguna saka nagara Imaimantaka.
Wisanggeni lair saka guwa garbane Dewi Dresanala wujud geni, sabanjure malih lan ngrembaka dadi satriya sing pinunjul. Wisanggeni dadi satriya sing pinunjul kapinterane, kawegigane lan kasektene.
Wisanggeni uga kondhang minangka wayang sing mbranyak, raine bagus nanging sakmadya banget anggone nyenyandhang. Marang sapa wae Wisanggeni tansah mungkak krama utawa caturan tanpa nggunakake basa krama sing alus.
Kepara yen guneman kalawan Sanghyang Wenang wae Wisanggeni uga tansah mungkak krama. Dening para dhalang Wisanggeni arang banget diwetokake ing pakeliran. Wisanggeni duwe sisihan sing jenenge Dewi Mustikawati.
Dewi Mustikawati iku anake Prabu Mustikadarwa, raja ing Krajan Sonyapura. Ing lakon Wisanggeni Krama, Wisanggeni kudu ngadhepi Prabu Sitija utawa Prabu Bomanarakasura kanggo mupu Dewi Mustikawati ing sawijining patembayan.
Dewi Mustikawati njaluk wewaton gambaring jagad marang Wisanggeni lan Prabu Sitija. Yen Wisanggeni utawa Prabu Sitija bisa minangkani penjaluke iku, Dewi Mustikawati saguh dadi sisihane.
Wusana Wisanggeni sing kasil nggawa gambaring jagad lan banjur dipasrahake marang Dewi Mustikawati. Kasile Wisanggeni amarga dibiyantu dening Sanghyang Wenang sing nyumadhiyakake gambaring jagad kaya panjaluke Dewi Mustikawati.
Ing lakon Wisanggeni Takon Bapa, ing laku nggoleki bapake, Wisanggeni kasil mbiyantu bapake lan nagara Amarta bisa nemokake maneh pusaka-pusaka piyandel sing ilang.
Dene pusaka-pusaka piyandele Krajan Amarta sing ilang lan kasil dibalekake maneh dening Wisanggeni yaiku Kalimasada, Sarotama, Hrudadali, Anantakusuma, payung Tunggulnaga lan Pasopati.
Kabeh kulawarga Pandhawa, kalebu Prabu Kresna, ora ana sing wani tumindak sakepenake dhewe marang Wisanggeni. Salawase uripe Wisanggeni dedunung ing kayangan Daksinageni bebarengan ibune, Dewi Dresanala, lan kabeh kulawargane. Wandane Wisanggeni iku Rungsit.
Dene kawitane Arjuna rabi kalawan Dewi Dresanala sing sabanjure nurunake Wisanggeni yaiku nalika Prabu Niwatakawaca pengin ngrabi Dewi Supraba. Niwatakawaca sing jeneng enome Nirbita iku banjur tumuju suralaya kanggo nglamar Dewi Supraba.
Ananging para dewa ora ana sing nglilani yen Dewi Supraba rabi kalawan Niwatakawaca. Wusana Niwatakawaca banjur ngrabasa ing suralaya. Kasektene ora ana sing bisa nandhingi, para dewa kabeh kasoran.
Sanghyang Girinata banjur mrentahaka Arjuna supaya ngadhepi Niwatakawaca. Nalika iku Arjuna nembe mertapa ing pertapan Indrakila lan jejuluk Begawan Ciptaning Mintaraga utawa Cipta Ening Mintaraga. Arjuna sing dibiyantu Dewi Supraba kasil mateni Niwatakawaca.

Ngandharake Informasi Saka Maneka Sumber

Ngandharake Informasi Saka Maneka Sumber
Informasi utawa kabar iku pancen wis dadi kebutuhan lumrah tumprap wong urip ning alam dunya. Apa iku informasi penting kanggo awake dhewe utawa ora, kabeh perlu dimangerteni, senajan mung kanggo pengerten wae. Sapa ngerti sawijining dina awake dhewe mbutuhake.
Ing ngisor iki na pacelathon, praktekna karo kanca sisihanmu !

Lowongan Pegawean
Dina minggu esuk Ayu wis tekan pasar, tangan tengene nggawa tas kresek ireng sing maksude nggo wadhah jajanan.
Cempulek jebul pundake ana sing nabok sekang mburi.
Dhani : Ayu,…
Ayu : Hei Dhani, lha ujarku sap miki, gole nabok banene koh seru temen ngaati inyong kagete ora mari mari enggane.
Dhani : Lah ya map, ora maksude inyong arep gawe njindol, tapi inyong lagi seneng pisan ieh ketemu ko maning. Bubar sekolah wingi tli koe langsung olih gawean nang Beta mart kan ?
Ayu : Iya Alhamdulillah, ora ngaanti nganggur kesuwen. Arep tuku apa si nko ?
Dhani : Kie, dee prentah biyunge kon tuku ciwel karo klendo, jere ramane kepengin
Ayu : Alah, ngidam aa ?
Dhani : Ko maning si, masa ramane inyong ngidam. Eh tumben kieh ko maring pasar ?
Ayu : Iya, mumpung preian, kepengin dolan pasar.
Dhani : Ko the wis kepenak ya, wis olih gawean, ora kaya inyong kieh, esih dodolan anggur
Ayu : Dodola anggur ?
Dhani : Iya, anggur-angguran. Hehehehehe.
Ayu : Asem, ujare inyong temenan dodolan anggur. Kieh, angger pancen ko kepengin kerja, ko cepetan gawe lamaran, ngko wengi jujugna umahku, gesu tek gawa. Kerja karo inyong gelem apa ora ?
Dhani : Sing bener baen kweh, angger temenan, ngko mbengi inyong maring nggonmu temenan lho
Ayu : Ya usaha lah ya, wingi si esih kurang tenaga akeh.
Dhani : Oke oke, ngko mbengi inyong meng nggonmu njujugna lamaran.

Senin, 09 Agustus 2010

Cerkak

Cerkak
Cerkak iku cekakan saka cerita cekak. Utawa cerpen ing Bahasa Indonesiane.
Cerkak iku nduweni titikan :
1. Rerocening crita mung siji.
2. Perwatakan digambarake kanthi cekak
3. Dredah sajroning cerkak ora ndadeake nasib pragane owah
4. Prastawane mung siji
5. Fiktif
6. Naratif
Babagan kang perlu diperhateake nalika maca cerkak yaiku :
1. Tema, yaiku bab kang dadi underaning prakara
2. Alur, yaiku urutaning crita wiwit lekas tekan pungkas
3. Paraga, yaiku pawongan kang nindaake crita
4. Latar/seting , yaiku papn lan wektu ing crita iku
5. Amanat, yaiku piwulang kang bisa dijupuk saka crita
Tuladha cerkak, wacanen kanthi premati !
Tumbal
Sejatine abót anggónku nindakaké pakaryan iki. Nangíng piyé manèh.Aku múng sakwijiníng bawahan síng kudu loyal marang atasan. Kamångkå atasanku Drs Sêngkuni SH MBA wís nginstruksèkaké yèn proyèk iki kudu di-mark up. Mbúh piyé carané síng pênting kabèh bisa olèh pangan. Pancèn iki konsêkuènsiné nduwèni jabatan síng stratêgis kåyå awakku iki. Tak akóni sakwisé dadi Kasubag Pêngêlolaan Proyèk iki rêjêkiku mbanyu mili. Paribasan nganti kåyå diwènèh-wènèhi.
Nangíng yèn ånå pêrkårå síng kåyå mêngkéné aku ugå kudu wani ndhadhagi. Awít yèn ora, biså dipêsthèkké yèn tahún ngarêp aku mêsthi bakal dimutasi.
"Wís tå Dík Har, ora sah dipikirké abót-abót. Soal wóng såkå KPK, mêngko aku síng mback-up wís," mangkono pangandikané atasanku kasêbút íng sak wijiníng wêktu nalikå aku ditimbali íng ruangé.
"Síng pêntíng kowé biså ngolah ångkå-ångkå iku kanthi layak.
Masalah liyané mêngko aku síng ngatúr," sêsambungé Pak Sêngkuni karo ngêpúk-êpúk pundhakku.
"Lha piyé kirå-kirå? Åpå Dhík Har kabótan? Soalé Dík Wísnu wingi ugå nawakaké arêp nggarap proyèk iki," ujaré Pak Sêngkuni kåyå ngêrti kêmrusuhing atiku.
"Oh, mbotên Pak. Kulå taksíh sagah ngayahi piyambak," ujarku gurawalan.
"Wèll! yå ngono iku síng tak karêpké. Yèn pancèn kowé sê-visi karo aku, mêsthi aku ora bakal ninggal kowé Dhík. Wís sak iki rampúngna aku péngín Minggu ngarêp wís rampúng. Sanggúp tå?"
"Sêndikå Pak," ujarku karo manthúk-manthúk.
Aku énggal-énggal ninggalaké ruang kêrjané bós têrús nyêlúk Dhík Wakino wakílku sartó Éndah sékrêtarísku.
Tak jak rêmbugan barêng pêrkårå iki. Awít pancèn wóng loro iku síng dadi nyawaku. Ibaraté Dhík Wakino karo Éndah kuwi think-tank-ku. Sangénggå aku bangêt mbutúhaké bantuané dhèwèké.
"Nèk masalah ångkå gampang diowahi, Mas. Múng síng dadi masalah iki tanggúng jawabé abót awít nyangkút dana síng ora sêthitík," ujaré Dhík Wakino.
"Nangíng têrús piyé Dhík? Bós wís nêtêpké kudu biså. Yèn ora awakké dhéwé kudu siap ninggalké kantór iki," sêmaúrku.
Dhík Wakino manthúk-manthúk karo ngulati layar kómputêr íng ngarêpé.
"Yå wís, arêp piyé manèh. Mbók mênåwå iki pancèn résiko pêkêrjaan. Awakké dhéwé kudu siap," sambungé wóng síng bangêt tak pêrcåyå iku.
*****
Pancèn iki dudu masalah síng ènthèng, awít proyèk iki gungungé mèh nêm bêlas mílyar rupiah.
Síng kudu di-mark up mèh sêpulúh míliar dhéwé. Åpå ora édan-édanan. Nangíng piyé manèh. Aku iki múng bawahan kudu loyal mênyang atasan. Awít yèn ora biså-biså aku dilórót jabatanku. Kamångkå ngêrti dhéwé kanggo ningkataké karir íng kantór iki ora barang síng gampang. Awít mèh wólulas tahún anggónku bêrjuang ngrintís karir, wiwít gólóngan têlu A nganti sak iki biså dadi Kasubag sak wijiníng kantór. Mêsthi waé dudu bab síng gampang. Kåyå aku dhéwé síng wêktu iki kêlêbu ånå bagian síng êmpúk. Ora sithík síng pådhå kêpéngín biså nglungguhi kúrsiku iki. Awít pancèn ya nyênêngké tênan. Golèk dhuwít paribasan kêcap waé dadi atusan éwón. Nangíng ugå mujúdaké bagian síng ånå pucuking êri, yèn ora ngati-ati bisa ndang ngglúndhúng tênan.
"Durúng saré, Pah?" panyénggólé Nani, sisihanku.
Ora tak råså yèn wêktu iki aku nêdhêng ngalamún nèng têras kamar lantai loro.
"Durúng ngantúk, Mah?" sêmaurku karo nyumêt rókók êmbúh síng kêpira mau?
"Sajaké ånå masalah nèng kantór?" pitakóné bojoku síng wís apal lagónku.
Sabên ånå masalah mêsthi tangkêpku dadi séjé karo padatan. Aku múng manthúk. Têrús sisihanku lunggúh íng sandhíngku. Awít yèn wís ngono biasané aku têrús critå masalahku marang dhèwèké. Pancèn sak suwéné iki sisihanku síng dadi sparing partnêr-ku. Dhèwèké kuwi wóng wadón síng istiméwa, sênadyan múng ibu rumah tangga, nangíng otakké ora kalah karo wanita karir. Ora nggumúnanké sêjatiné sisihanku lulusan sarjana lan mbiyèn tahu dadi dosèn íng univêrsitas swasta. Múng amargå aku ora kêpéngín bojoku bêrkarir, mula dhèwèké tak kón dadi ibu rumah tangga thók. Supåyå anak-anakku biså kopèn, nyatané anakku cacah têlu sakiki wís ngancík dhéwåså kabèh, síng mbarêp malah wís mèh lulús såkå univêrsitasé.
***
"Pancèn abót posisi panjênêngan, Pah. Awít iki diléma. Yèn njênêngan wêgah, mêsthi bakal dilórót. Nangíng yèn pênjênêngan tindakké, abót résikoné," komêntaré sisihanku sak wisé tak critani pêrmasalahanku.
"Ya kuwi síng gawé bingúngku. Lha trús aku kudu piyé?"
"Yúk awakké dhéwé tahajúd, nyoba nyuwún tuntunan Gusti Allah, såpå ngêrti mêngko njênêngan olèh pêpadhang," ujaré sisihanku.
Aku manthúk-manthúk têrus wóng loro pådhå tumuju kamar mandhi njupúk banyu wudu kanggo ngrêsiki badan.
Ånå sak jroning tahajúd tak rasakaké kåyå ngåpå jumbal-jumbulé wêwayangan ing alam pikirku. Sênadyan wola-wali tak cobå nyilêmaké wêwayangan iku nanging kråså angèl bangêt. Sabên-sabên wêwayangané Pak Sêngkuni atasanku kanthi polatan nêsu ngulataké aku. Gonta-ganti karo lapuran proyèk síng kudu tak gawé. Têrús nglambrang manèh wêwayanganku dipêcat déníng atasan.Têrús ånå gambaran pårå polisi síng têkå ing kantórku têrús mbórgól tanganku.
"Dúh, Gústi Allah...... Kulå pasrah wóntên ngarså padukå!" pambêngókku íng sak jroníng tahajúd. Bubar kuwi aku ngrasakaké pêndêlênganku pêtêng. Aku ambrúk ngambúng karpèt síng dadi lambaran anggónku ngadhêp íng Pangéran.
*****
Ésúk iki Dhík Wísnu têkå íng kantórku karo mènèhaké layang kanggo aku. Tak bukak layang iku tibaké surat pêrintah såkå Pak Sêngkuni supåyå aku mènèhaké proyèk iku marang dhèwèké.
"Sorry lho Mas, aku múng nindakaké dhawúh," ujaré Wísnu katón pêkéwúh karo aku.
"Ora åpå-åpå, Dhík. Mbók mênåwå kowé luwíh pintêr timbang aku," ujarku karo mènèhaké bêrkas-bêrkas administrasi proyèk.
Sênadyan ånå kang kóbóng íng dhådhå iki, nangíng tak cobå mêkak hardaníng kanêpsónku. Mugå-mugå waé Gusti Allah tansah mènèhi kêsabaran marang aku. Awít såpå wóngé síng ora lårå ati, yèn nèng têngah dalan gawéyané dipasrahké wóng liyå. Pak Sêngkuni pancèn kêbangêtên. Katóné dhèwèké wís malík imané sak ênggå tégå karo aku síng ora liya anak buahé.Awan iku aku milíh mulíh gasik, awít yèn tak têrús-têrúské nèng kantór bisa-bisa malah aku dhéwé síng ora kuwat.
*****
Aku wís ngrumangsani yèn karirku mbók mênåwå bakal mêntók. Awít wêktu iki Pak Sêngkuni, atasanku ora gêlêm nyåpå arúh marang aku. Sabên-sabên dhèwèké butúh, mêsthi Dik Wísnu síng diundang åna kantór. Lan tingkah kang kåyå mangkono mau disêngåjå ovêr acting nèng ngarêpé pårå bawahan. Aku rumångså korban pangråså. Awít såpå wóngé síng kuwat dipêrlakukan kåyå mangkono. Nangíng aku nyoba sabar. Karo íng batin tansah ndêdongå, mugå-mugå Pak Sêngkuni diapurå dosané déníng Gusti Allah, sartå dibukakaké atiné supåyå ora bangêt-bangêt anggóné nêsóni aku Lan sak wijiníng wêktu såpå síng bakal ngirå, yèn kantórku ditêkani polisi pirang-pirang. Wiwitané ruangku síng diprikså, barêng ora ånå têrús ruangé Kêpala Kantór bubar kuwi têrús tak tóntón ånå polisi nganggo sêragam nyêrahaké surat marang atasanku kasêbút. Tanpa suwålå manèh Pak Sêngkuni diglandhang déníng pêtugas kêpolisian iku. Awít disinyalír dhèwèké wís mark up dhuwít proyèk nganti sêpulúh miliar. Ora múng Pak Sêngkuni dhéwé, kêlêbu Dhík Wisnu síng kumawani nglancangi gawéyanku. Lan wís biså diwåcå, íng ngêndi papan Kêpala iku ora tahu salah. Síng salah mêsthi bawahan. Awít ora gantalan suwé Pak Sêngkuni bósku wís mêtu såkå kantór polisi. Déné Dhík Wísnu ditêtêpké dadi têrsangka. Wisnu wís dadi tumbal ing kantórku, awít dhèwèké kudu mikúl dosané bósku síng wêktu iki múng cukúp dimutasi íng luar jawa.
"Bêgjå sampéyan Pah. Untungé nolak åpå dhawuhé bós mbiyèn," ujaré sisihanku karo ngrangkúl aku lan nangís mingsêg-mingsêg.
"Gústi isíh njampangi awakku, Mah. Lan kabèh mau uga ora uwal såkå dukungané Mamah," ujarku.
Ah, pancèn kabèh iki kåyå wís diatúr déníng Gusti Allah. Kåyå aku dhéwé rumångså dislamêtaké déníng Panjênêngané. Coba mbiyèn aku síng nindakaké bab mau, biså-biså aku síng mlêbu kunjaran.
::Dening: Tri Wiyono::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id
Sumber : Jagad Jawa – Solopos

Nulis Wacana Argumentasi lan Persuasi

Nulis Wacana Argumentasi lan Persuasi
1. Wacana Argumentasi
Argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi pola pikire wong liya supaya pada karo apa kang dikarepake penulis. Kanthi mbeberake bukti lan kasunyatan, penulis mbudidaya supaya wong kang maca percaya lan manut tumindak jumbuh karo apa kang dikarepake.
Tuladha wacana argumentasi :
Ngombe alcohol sajroning wektu kang suwe bisa ndadeake tiwas amarga keracunan utawa kacilakan. Ing Amerika Serikat saben tahun 25.000 luwih wong mati amarga kacilakaan lalu lintas awit nyopir kanthi mendem. Luwih saka 150.000 jiwa tumindak kasar kleebu nglalu, amarga mendem. Ana 40 yuta anak lan bojone padha sengsara nandhang tekanan mental, awit salah sijine anggota keluarga nyandu alcohol. Biasane uga wong kang senenge mendem wonge gampang nesu, awake rusak, pikirane cethek lan seneng sekarepe dhewek.

2. Wacana Persuasi
Wacana persuasi iku sawijining seni vocal kang tujuane ngajak wong lia tumindak jumbuh karo kang dikarepake dening kang celathu. Intine persuasi iku pengajak-ajak supaya wong kang diajak percaya lan manut ora nganggo paksaan.
Tuladha persuasi :
a. Iklan
b. Kampanye
c. Propaganda
d. Selebaran
Persuasi ndueni anggepan yen pola pikire manungsa iku bisa diowahi. Persuasi minangka rekadaya nglarasake utawa madaake ben padha sarujuk kanthi padha-padha percaya. Wong kang nampa persuasi rumangsa melu marem lan seneng awit ora rumangsa anggone mutusake milih sawijning tumindak.
Kapethik saka Piwulang Basa Jawa X

Maca Ekstensif Teks Non Sastra

Maca Ekstensif Teks Non Sastra
Maaca ekstensif iku kegiatan maca kanggo golek informasi saka teks utawa wacan kanthi sekeh akehe. Tuladhane nalika maca Koran, majalah, catalog, biografi lan liya-liyane.
Tuladha wacan ing ngisor iki wacanen kanthi pemati, banjur etung piro kecepetane koe maca nganggo rumus KM= J/WM
Katrangan :
KM : Cepete maca
J : Tembung kang diwaca
WM : Wektu kang dibutuhake kanggo maca
Carane kanggo maca cepet :
Aja mbolan mbaleni tembung
Aja kesuwen anggone mandeg sajroning ukara
Anggone maca ora saben tembung, nanging kelompok tembung
Pandelengan ndisiki lambe

Sapa Aruh Nisfu Syaban lan Nyadran
Dening Sendang Mulyana
Kanugrahan, kaagungan, lan kamulyan hamung Gusti Allah ingkang kagungan. Gusti ingkang nulung tiyang ketula-tula keplatrang Gusti ingkang mangerani tiyang-tiyang rgkih lan ajrih. Dhuh Gusti,meawi woten ing Buku Ageng sampun sinerat nasib kula cilaka kedharaang-dharaang, sedaya nugraha kaling-kalingan,tinulak, sumpeg rejeki, mugi Gusti kersa ngganti sengga kula dadya tiyang ingkang begja, linuberan rejeki, pikantuk pitedah lan kekiatan kangge kebajikan ing madyaning bebrayan.
Donga kuwi sing apik banget diwaca nalika malem limalas Syaban, asring kasebut nisfu Syaban. Intine donga , samubarang sing wis kinodrat bisa diwiradati, jalaran Gsti Allah Maha Kuwasa lan Maha Kersa . Kaacarita,nalika Jaman Ajali, manungsa sih awujud ruh, wis ana prajanjen nasib. Umur patang wulan ing gua garba,Gusti negesake gars nasb kuwi. Nasib,takdir,dadi perkara sing ora gampang kawiyak ( misterius ). Mula malem nisfu Syaban dadi kesempatan kanggo nyuwun marang Gusti dimen mung nasib apik sing tansah sumandha ing jiwangga.
Wong Jawa luwih akrab nyebut wulan Ruwah ketimbang Syaban, Ruwah ana gandheng cenenge karo arwah. Ing wulan Ruwah wong sing urip pada kirim donga marang para arwah , utamane arwa para leluhur sing wis murud ing kasidan jati kudu diurmati lan dipepundhi. Jalaran anane wong siki merga ana leluhur, lumrah yen banjur asok bulu bekti. Mula ana budaya nyadran.
Ngrunut asal-usule nyadran dumadi saka tembung sraddha, tegese atur pisungsung marang leluhur. Wong mati wis ora doyan sega sambel. Sing “dipangan” wong mati kuwi mantra, donga. Anak turun ndedonga marang Gusti, moga-moga para leluhur entuk dalan padang, diapura dosa-dosane satemah munggah swarga.
Budaya nyadran mujudake olah rasane wong urip sing tansah pengen selaraslan seimbang . Kahanan saiki ora bisa pinisah karo anane leluhur. Reroncening acara nyadran lan ubarampe upacarane ngemu simbol-simbol ajaran kang perlu dionceki.
Tumrap kawula mudha, nyadran bisa dadi pangeling-eling prelune tanggungjawab lan kuwajiban ngurmati wong tuwa lan leluhur. Aja ugal-ugalan. Aja rumangsa yen kesuksesan saiki merga upayane dhewe. Kudu bisa saling asah, asih lan asuh marang sanak kadang utamane, sukur bage tumrap bebrayan agung.
Maeka werna cara ritual nyadran,gumantung kahanan sosiokulturale. Oraana kang pakem. Yen ing laladan kidul : Klaten, solo lan saidenge, sawse padha ndonga ing kuburan banjur padha mangan – mangan bareng sanak kadang sakulawarga ing papan iku uga. Bagen – binagen.
Ing pesisir lor, arang kasebut nyadran, nanging wong-wong padha slametan, kirim donga mapag. Tegese, saliyane ndongaake wong-wong sing wis mati supaya antuk pangapurane Gusti, uga minangka sedekah, ngresiki bathin kanggo mapag tekane tekane wulan pasa ( Romadhon ). Panganan , uba rampe slametan ora digawa ing kuburan.
Saperangan muncul pamawas beda “ Wong mati kuwi yen obah wae medeni bocah, ngapa dikirimi sesaji macem-macem, panganan enak-enak, apa doyan ? apa gunane ?”
Pamawas kuwi banjur diwangsuli , “ Dudu panganane sing tekan. Sing manga panganan kuwi wong urip. Anggep we kuwi sedekah. Ganjarane sedekah kanggo ( dikirimake ) wong sng wis mati. “
“ Wong mati kuwi wis ora bisa entuk ganjara maneh. Kabeh ws putus, ejaba telug perkara.Sepisan, ngelmu sing migunani. Kapindho, amal jariyah. Katelu, anak sing saleh lan salehah.Wong sing ngelmune migunani tumrap bebrayn, contone sing nemoake listrik , ganjarane ora putus-putus jalaran saiki listrik dadi kebutuhan vital banget. Wong sing nalika urip seneng amal jariyah, contone gelem urunan mangun dalan, ganjarane ndilir jalaran saben dina dalane diliwati wong akeh. Wong sing kasil nggulawentah anake dadi saleh lan salehah , gajarane uga ora pedhot jaaran anak-anak mau dadi diwasa,gawe kahanan bebrayaan saya apik. Dadi ora bsa wog sing nalika urip dadi leletheging jagat, terusdikirimi ganjaran, banjur munggah swarga ! “
“ Yen pancen ora percaya ganjaran iku bakal tekan, coba matia dhisik, mengko dak kirimi ganjaran. Yen ora tekan, bali ! “
Wis, ora perlu regejegan.. Jenenge budaya kuwi mujudake olah cipta, rasa lan karsa. Dudu dogma. Kabudayan kuwi bisa ngrembaka nganggo pirag-pirang sudhut pandang. Sing penting niat apik. Ing ngarep wis dikandhaake,prelune selaras, seimbang lan tanggungjawa. Nilai budaya kuwi sing kudune diugemi. Tegese, wong sing urip aja tumindak ngisin-isini leluhure sing wis mati. Mesakke leluhur sing dicangking-cangking yen ana anak turune tumindhak candhala. “ Si Anu anake si Suta kuwi ugal-ugalan korupsi ?pantes, kacang ora ninggalake lanjaran !”
Langkung apik yen ana ukara iki. “ Wah, si Anu kuwi tumindake apik banget. Seneng sedekah, sopan-santun, sregep ngibadah, manembah, pinter, ora gawe kapitunaning liyan. Kamangka , wong tuane dhisik remuk kelakuane. Ya muga-muga Gusti Allah paring pangpura marang wong tuane si Anu kui. Gust ora sare. Gusti Maha Wicaksana. “
Kapethik saka Suara Merdeka, Minggu 25 Juli 2010

Nindhaake Pacelathon

Nindake pacelathon
Wes dadi adat lan cirri utamane wong jawa lan wis kawentar ing gendi papan, wong jawa iku wong kang sopan-sopan lan banget ngajeni marang wong liya. Babagan iki bisa dideleng saka anggone won jawa anggone guneman. Kabeh ana paugerane dhewe-dhewe. Guneman karo wong kang luwih tua, beda karo nalika guneman karo kancane.
Ing ngisor iki pamilahe basa manut unggah-ungguhe.

-- Ngoko Lugu
------ Basa Ngoko--------------------
l --Ngoko Andhap
l
l - Madya Ngoko
Basa -------------------------Basa Madya --------------------- Madyantara
l - Madya Krama
l
l - Krama lugu
l - Mudha Krama
l------Basa Krama --------------------- Wredha Krama
- Krama inggil
- Krama desa
- Kedaton
Katerangan :
a. Sing nggunaake basa ngoko yaiku:
- Bocah pada bocah
- Wong kang wis raket
- Wong kang luwih tua marang wong enom
b. Sing nggunaakee basa madya yaiku :
- Wong kag seumur nanging status sosiale luwih dhuwur
c. Sing nggunaake basa krama yaiku :
- Murid marang guru
- Wong enom marang wong tua
- Anak maraang wong tua
- Anak buah marang pimpinane

Cerita Pengalaman

Nyemak Crita Pengalaman
Pengalaman iku pancen guru kang paling apik. Paribasan iku pancen bener banget. Kabeh wong kang urip lan ndueni akal sehat mesthi ndue sing jenenge pengalaman. Pengalaman nalika dicritaake marang wong lia bisa nambahi kawruh lan pegetahuan kanggo wong kang ngrungoake. Apa iku pengalaman apik utawa ala, kabeh ndueni kagunaan tumrap awake dhewe utawa wong kang ngrungoake.

Tuladha :
Kok asin ?
Pengalaman iki dak alami nalika mati lampu, jan pokoke peteng banget, ora ndue stok lilin merga ora ana pemberitahuan saka PLN. Wengi iku aku lagi kumpul-kumpul bareng kanca ing ngumahku, arep ngrembug babagan kemah sesuk malem minggu. Lha kok dumadakan mati lampu, padahal nembe wae kanca-kanca pada teka. Senajan mati lampu, jalaran aku tuan rumah ya aku terus wae maring mburi gawe medangan kanggo kanca-kancaku.
Wektu aku balik maneh menyang ruang tamu, panggoan kanca-kancaku kumpul, kabeh wes lagi grengseng mbahas persami sesuk.
“ lha pesiapan papan panggonane piye jo ?” takone abdul ketua panitiane marang joni kang ngurusi papan panggonan.
“ Siap, kabeh dak siapi, ruangan kanggo kumpul wes ana, papan kanggo turu uga wes siap kabeh “ jawabe joni.
“ Okelah kalo begitu “ Ujare Abdul niroake gayane panyanyi saka Tegal.
“ Lha sekretaris piye, wes dadi kabeh administrasine ? “
“ Siap ndan, kabeh wes rampung, sesuk kari moto kopi banjur di bagi “ Siti nyauri.
“ Lha iku kopine di samba ta, aja rembugan wae, gratis iku “ aku nyelani gunemane kanca-kanca.
“ Weh mantap iki, lawuhe mendoane yu Denok ta ? takone Robert sing pancen awake gendut asile saka doyan banget mangan.
“ Lha iya ta,…”saurku sakeane.
Lagi pada asik-asike ngobrol nyambi mangan mendoan, dumadakan Robert nyembur karo mendelik.
“ Lha apa iki, mentang – mentang juragan uyah, lha kok kopine asin ta ? “
“ Lha iya ta ?” takonku bingung karo njajal nyicip kopine.
Lha pancen iya, asin banget. Lha jebul maau sing dak jupuk wdah uyah ta ? dudu gula. Hehehe, ya map kancaa-kanca,….

Geguritan

Geguritan
Geguritan yaiku reroncening tembung kang endah dadi wujud puisi nganggo bahasa jawa. Endah lan orane sawijining geguritan gumantung marang wong kang maca geguritan iku. Geguritan iku puisi jawa modern kang bebas ora kaiket.
Titikane geguritan iku antarane :
1. Isine mentes
2. Lumrahe nganggo nganggo purwakanthi ing ukara-ukarane
3. Ora kaiket guru gatra, wilangan apadene guru lagu
4. Arang nganggo tembung pangikeet
5. Akeh kang nganggo bahasa jawa kuna
Babagan kang penting diperhatiake nalika nulis geguritan supaya bisa endah yaiku :
1. Suasana ati lan lingkungan
2. Milih tema
3. Tetembungan
4. Purwakanthi
5. Paramasastra basa ( ukara sambawa, camboran, lan lia-liane )

Tuladha geguritan :
PETENGING WENGI
maymintaraga 19 april 2009

sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu

gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi

lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ? ***

Nulis Wacana Deskripsi lan Eksposisi

Nulis Wacana Deskripsi lan Eksposisi
1. Wacana Deskrisi
Wacana deskripsi yaiku wacana kang nggambarake obyek kanthi cetha, sahingga wang kang maca kaya-kaya weruh dhewe utawa ngalami dhewe.
Tuladhaa :
Tiang bendera iku dhuwure kurang lewih 10 meter, ngadeg ing tengah halaman sekolah, warnane kang putih, mulai luntur merga kena panas lan udan saben dina. Ngisore panggonan kanggo ngadege iku wujud joglo kaya umah asline wong jawa, uga wes mulai pecah lan rusak merga lumut kang tansah tlaten anggone ngrusak jogloan iku. Bendera abang putih kang dina iku dipasang setengah tiang katon kibat-kibit digawa angin kang alon wae anggone mlaku. Senajan bendera iku wis suwek ing pojokane, nanging bendera iku tetep wae anggone kibat-kibit nunjuake rasa bela sungkawa ing tengah-tengah tiang iku.

2. Wacana Eksposisi
Wacana eksposisi yaiku wacana kang mbeberake sawijining proses kegiiatan kanthi ancas njembarake kawruh.
Tuladha :
Sawise tempe diiris tipis-tipis, banjur dicemplungake marang campuran glepung beras karo tligu kang dicampur karo banyu lan diwenehi bumbu uyah lan bawang kang wes di ulek. Godhong muncang kang wis diiris uga dicampurake. Sawise lenga goreng panas banjur digoreng siji-siji nganti muter sawaja. Proses sebanjure nunggu setengah mateng banjur diangkat, anggone masak aja suwe-suwe, mundhak garing. Mendoan iki paling enak didahar sore-sore kanggo batir ngopi.

Nilpun

Nilpun
Sifat dasar manungsa yaiku mbutuhake sesrawungan utawa hubungan aro manungsa liane sebab manungsa pancen mahluk sosial kang ora bisa urip dhewek. Mbutuhake anane manungsa liane kanggo menuhi kabeh kebutuhane. Tilpun minangka alat kanggo komuikasi paling modern jaman saiki panci wis dadi kebutuhan kanggo manungsa kang mbutuhake mobilitas dhuwur, sahingga bisa lewih efektif lan efisien ing wektu. Senajan adoh papan dununge, nanging nganggo tilpun manugsa bisa tetep hubungan. Hand Phone iku salah sijine wujud tilpun kang paling anyar. Senajan ora nang ngumah tetep bisa gunemen karo wong liya kanthi sarana HP iku. Dene guneman nganggo tilpun iku ana tata kramane, yaiku antarane :
1. Sing tilpun kudu ngucapake salam, nyebutake identitas, banjur nakokake wong kang dituju
2. Sing nampa kudu mangsuli salam, nyebut identitas, lan nakokake keperluane
3. Nganggo basa kang becik, singkat lan padat uga jelas langsung tumuju pokok masalah
4. Ditutup kelawan salam lan mbalekake gagang tilpun ing panggonane.
Intine guneman nganggo tilpun keperang dadi pembuka, isi lan panutup.
Gatekna tuladha guneman ing tilpun iki :
Ratri : Hallo, assalamu’alaikum
Satya : Wa’alaikum salam
Ratri : Kulo Ratri ,menapa leres niki daleme Dharma ?
Satya : Oh iya bener, pripun nggih ?
Ratri : Menawi Dharma wonten, saged kula kepanggih sekedap ?
Satya : Ya bisa, sekedhap nggih kula undhang ndhisik.
Dharma : Hallo Satya, ana apa iki ? kayane kok ya wigati nemen ta ?
Ratri : Iya iki, aku arep nyilih bukumu kang wingi iku lho , bisaopo ora ?
Dharma : Oh buku babagan olah rag iku ta ? ya bisa banget , kanggo apa ta ?
Ratri : Iki ana kang perlu digarap, tugase adhiku ing SMP.
Dharma : Siap lah, langsung wae di jupuk ngumahku. Siki pa ?
Ratri : Iya, tugase kanggo ngesuk.
Dharma : Ya wes dak tunggu nang ngumah ya ?
Ratri : Ya, sadurunge matur nuwun ya, Assalamualai8kum
Dharma : Ya padha-padha, waalaikumsalam.

Wacana narasi

Nulis wacana narasi
Wacana narasi yaiku wacana kang nyritaake kanthi cetha rerangkening tumindhak ing ajroning peristiwa ing sajroning wektu.
Carane nggawe wacana narasi kang kawitan yaiku gawe cengkorongan utawa rengrengan kanthi nentoake ukara – ukara bakune. Sabanjure cengkorongan iku nembe di jabarake dadi sawijining wacana narasi.
Conto cengkorongan :
1. Darma metu saka umah
2. Darma nunggu koperades
3. Darma ketemu Satya ing njero koperades
Tuladha wacana narasi saka cengkorongan ing ndhuwur kaya ing ngisor iki
Esuk iku Darma wis siap nganggo klambi abu-abu putih kang esih anyar durung kelakon dikumbah jalaran pancen nembe dijukut saka tukang jahit. Jam ing ndhuwur meja kamar nunjuake angka 6.30 menit. Rada kesusu Darma banjur nyandhak tas kang uwis disiapake saka weng. Bubar pamit salaman karo biyunge kang lagi nggawa kumbahan, Darma banjur metu saka umah kanthi sumringah sebab pancen iki dina pertama mlebu sekolah.
Angin kang sumilir alus esuk iku ora de rasa dening Darma, senajan dalane lunyu jalaran mau bengi pancen udan uga ora daadi alangan kanggo Darma. Ora suwe Darma wes ngadeg ana ing pinggir dalan gede nunggu koperades liwat. Rada gelisah karo sepisan-pisan ndeleng jam ing HP, Darma clingak-clinguk menawa ana koperades liwat. Sawise nunggu antawise 5 menit, sing dienteni liwat, Darma banjur mlebu marang koperades sing wes mandheg nang ngarepe.
Ing njero koperades wes bek ing penumpang bocah-bocah sekolah karo wong kang arep mangkat menyang pasar manis. Anteng banget Darma anggone lungguh jalaran pancen Darma bocahe rada isinan kurang percaya diri mula ora nyadari ana Satya ing ngarepe merga terus temungkul. Satya nyenggol tangane karo nyeluk arene Darma, Darma kaget banjur ndeleng sapa kang nyeluk mau. Lha jebule kok ya ana widodari sing dadi bintange MOS seminggu kepungkur, rasa isin, grogi lan liyane kbeh nyampur aduk dadi siji ing njero dadane Darma, jalaran pancen sejatine Darma ndueni rasa kang tekan seprene durung ngerti rasa apa iku.

Nyritaake pengalaman lucu


A.      Micara
Nyritaake Pengalaman Lucu
    Pengalaman iku guru sing paling apik. Ujar-ujar iku mau pancen bener, sebab kanthi anane pengalaman, wong urip kang ndueni akal sehat mesthi bisa njupuk pelajaran saka pengalaman iku mau. Beda wong, beda uga pengalamane. Ana pengalaman kang nyenengake, gawe ngguyu, gawe sedhih lan liya-liyane. Tapi sing mesthi, pengalaman iku kabeh ndueni  arti kang beda-beda kanggo kabeh wong, senajan pengalaman iku dilakoni bareng – bareng.
Nyritaake pengalaman lucu kudu ndueni kepinteran babagan crita, supaya wong kang ngrungoake crita ndue kawigaten lan bisa kegawa ing kahanan kang daddi tujuane crita. Ora kabeh wong bisa crita kanthi menarik. Dene babagan kang kudu di ngerteni  nalikane crita yaiku :
1.       Isine crita
2.       Tetembungane
3.       Solah bawane kang crita

Wacanen kanthi premati crita ing ngisor iki !
Ora ditarik
Pengalaman kie tek alami wektu inyong mulai sekolah nang SMA Ma’arif Karangmoncol. Jalaran SMA kang nganggo cirri Islami, mulane kabeh siswa wadon nganggo jilbab kabeh, semono uga inyong. Pertama nganggo jilbab rasane ora betah banget, sumuk, ribed, ya dadi suwe gole inyong dandan.
Mangkat sekang umah jam tengah pitu, inyong langsung njanggleng metonggo nang pinggir aspal karo ngenteni ana koperades lewat. Ana sing mandeg ning ngarepe inyong , inyong gedeg karo ngomong “ mengkin pak, nunggu kancane “.
Sekang njero pak supir njawab, “ wis mayuh lah mba, wong kudungan numpak koperades tuli ora ditarik “
Lha inyong tertarik karo omonge pak supir mau, trus aku numpak baen, njagong methengklis ning jok mburi pak supir. Tekan pasar manis Karangmoncol ana biyung-biyung nganggo kudung mudun, nggawa rinjing isine tahu karo more bek serinjing punjul setampah. Tek delengna baen sebab inyong penasaran, apa iya ora ditarik ?. Tapi bar mudhun, biyung biyung kue trus mbayar maring pak supir. Lha keget, bingung campur aduk, inyong takon maring pak supir, “ Pak demene niko wong kudungan tetep ditarik ?”
Supire nyengir karo njawab, “ lha ditarik keprimen ? masa ana wong kudhungan kon ditarik ? ya mengko inyong domehi wong. Angger numpak koperades ya tetep mbayar, tapi kan ora ditarik mbok ? kudhunge maksude lho …”oalah … salah pemahaman kieh inyong, asem, ketipu…

Nyemak Wara - wara


A.      Nyemak
Nyemak wara – wara
Wara – wara ndueni  teges aweh weruh, aweh ngerti  marang wong akeh. Jaman kerajaan mbien, wara-wara di wacaake dening  para punggawa kerajaan, diumumake ing pasar lan ing panggonan kang dadi tujuane wong akeh pada kumpul.
Ing jaman kemajuan teknologi kaya saiki, wara-wara wes ora perlu diwacaake ing pasar, sebab sarana kanggo nyebarake informasi wes akeh tur maneka warna, kayata TV, koran, radio, internet lan liya – liyane.
Dene wara-wara ndueni bagian-bagian kang kudu ana ing njerone wara-wara, yaiku :
1. Bebuka
2. Surasa
3. Wasana basa
4. Satata basa
5. Titimangsa
Conto wara-wara :
LOMBA JALAN SEHAT
Kanggo ngrameake dina ulang tahune SMA Maarif Karangmoncol kang kaping 22 , arep dianaake Lomba Jalan Sehat kanggo umum. Kegiatan arep dilaksanaake kanthi ketentuan :
Dina                        :               Ahad
Tanggal                   :               18 April 2010
Panggonan            :               Start lan Finish ing ngarep SMA Maarif karangmoncol
Wektu                    :               Jam 08.00 WIB
Hadiah                    :               TV, Pit onthel, Kipas angin, Dispenser lan liya liyane
Kanggo kang arep melu bisa ndaftar ing koordinator saben-saben desa. Ayo pada melu, ramane, biyunge, anake pada dikon melu. Olih sehat, olih hadiah. Mantep ta ?
Karangmoncol, 10 April 2010
Ketua Panitia


Ken Arok,SPd