Senin, 09 Agustus 2010

Nyritaake pengalaman lucu


A.      Micara
Nyritaake Pengalaman Lucu
    Pengalaman iku guru sing paling apik. Ujar-ujar iku mau pancen bener, sebab kanthi anane pengalaman, wong urip kang ndueni akal sehat mesthi bisa njupuk pelajaran saka pengalaman iku mau. Beda wong, beda uga pengalamane. Ana pengalaman kang nyenengake, gawe ngguyu, gawe sedhih lan liya-liyane. Tapi sing mesthi, pengalaman iku kabeh ndueni  arti kang beda-beda kanggo kabeh wong, senajan pengalaman iku dilakoni bareng – bareng.
Nyritaake pengalaman lucu kudu ndueni kepinteran babagan crita, supaya wong kang ngrungoake crita ndue kawigaten lan bisa kegawa ing kahanan kang daddi tujuane crita. Ora kabeh wong bisa crita kanthi menarik. Dene babagan kang kudu di ngerteni  nalikane crita yaiku :
1.       Isine crita
2.       Tetembungane
3.       Solah bawane kang crita

Wacanen kanthi premati crita ing ngisor iki !
Ora ditarik
Pengalaman kie tek alami wektu inyong mulai sekolah nang SMA Ma’arif Karangmoncol. Jalaran SMA kang nganggo cirri Islami, mulane kabeh siswa wadon nganggo jilbab kabeh, semono uga inyong. Pertama nganggo jilbab rasane ora betah banget, sumuk, ribed, ya dadi suwe gole inyong dandan.
Mangkat sekang umah jam tengah pitu, inyong langsung njanggleng metonggo nang pinggir aspal karo ngenteni ana koperades lewat. Ana sing mandeg ning ngarepe inyong , inyong gedeg karo ngomong “ mengkin pak, nunggu kancane “.
Sekang njero pak supir njawab, “ wis mayuh lah mba, wong kudungan numpak koperades tuli ora ditarik “
Lha inyong tertarik karo omonge pak supir mau, trus aku numpak baen, njagong methengklis ning jok mburi pak supir. Tekan pasar manis Karangmoncol ana biyung-biyung nganggo kudung mudun, nggawa rinjing isine tahu karo more bek serinjing punjul setampah. Tek delengna baen sebab inyong penasaran, apa iya ora ditarik ?. Tapi bar mudhun, biyung biyung kue trus mbayar maring pak supir. Lha keget, bingung campur aduk, inyong takon maring pak supir, “ Pak demene niko wong kudungan tetep ditarik ?”
Supire nyengir karo njawab, “ lha ditarik keprimen ? masa ana wong kudhungan kon ditarik ? ya mengko inyong domehi wong. Angger numpak koperades ya tetep mbayar, tapi kan ora ditarik mbok ? kudhunge maksude lho …”oalah … salah pemahaman kieh inyong, asem, ketipu…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar