Sabtu, 14 Agustus 2010

Nyemak Geguritan

Nyemak Geguritan
Basa jawa iku sugih kasusasstran, salah sijine yaiku geguritan. Miturut kamus, geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang, nanging guru gatra, guru wilangan lan guru lagune ora ajeg. Miturut Subalidinata 1994 : 45 ) geguritan iku iketning basa kang memper syair. Mula ana kang ngarani geguritan iku syair jawa gagrag anyar. Geguitan iku asal tembunge gurita, kanga sale saaka tembung gita kang atges tembang.
Adhedhasar dapukane, jinise geguritan kaperaang dadi 10, yaiku :
1. Syair rong gatra sapada = gita dwigatra
2. Syair telung gatra sapada = gita trigatra
3. Syair patang gatra sapada = gita caturgatra
4. Syair limang gatra sapada = gita pancagatra
5. Syair nem gatra sapada = gita sadgatra
6. Syair pitung gatra sapada = gita saptagatra
7. Syair wolung gatra sapada = gita hastagatra
8. Syair sangang gatra sapada = gita nawagatra
9. Syair – syair dhapur soneta
10. Syair bebas
Babagan kang penting saka geguritan yaku tema, pamilihane tembung utawa diksi, sarana retorika lan amanat.
Tuladhane geguritan :
NALIKA GUNUNG – GUNUNG NEGES
Dening Budhisetyawan

gunung-gunung kang padha pating jenggeleg
aweh pitakon marang wit-witan ana sawah lan tegalan
wit pari, tela, jagung, kacang padha ora bisa jawab
amarga padha ora ngerti apa makna pitakone gunung
apa sebabe gunung didhuwurke
luwih tinimbang panggonan liyane ing jagad
kepara nganti ngaras langit
pitakonan kang angel dijawab
angin wae ora ngerti
apa maneh sato kewan lan para manungsa
sing bisa mangerti amung barang kang
kasimpen ing dasar bumi, kang ora kasat mripat
tansah anteng lan ajeg
ngangsu banyu ngliwati wot rambut kang dibelah pitu
mbokmanawa gunung-gunung kuwi
kanggo ancik-ancik para satriya
nggoleki sukmane kang mabur
digawa para widadari
Jakarta, pertengahan Maret & 7 April 2001
Damarjati No. 71 taun 2008

Tidak ada komentar:

Posting Komentar