Sabtu, 14 Agustus 2010

Maca intensif paragraph deduktif lan induktif

Maca intensif paragraph deduktif lan induktif
Maca intensif yaiku maca kathi tujuan bisa mahami kanthi tenanan marang pendapat ing wacan, urutane, retorise, utawa polane.
Miturut panggonane ukara baku, paragraph kaperang dadi 2, yaiku dheduksi lan induksi.
Paragraf dheduksi iku ukara bakune ana ing ngarep utawa awal paragraf, ukaara panerange ana ing mburine.
Paragraf induksi iku ukara bakune ana ing mburi dhewe, ukara-ukara panerange ana ng wiwitan paragraph.
Pamanasan global kuwi anané prosès mundhaké suhu rata-rata atmosfér, segara, lan dharatan bumi. Suhu rata-rata global ing lumahing bumi wis ningkat 0.74 ± 0.18 °C (1.33 ± 0.32 °F) jroning satus taun pungkasan iki. Intergovernmental Panel on Climate Change (IPCC) nyimpulaké yèn, "sebagéyan gedhé paningkatan suhu hawa rata-rata global wiwit pertengahan abad kaping-20 kamungkinan gedhé disebabaké déning mundhaké konsentrasi gas-gas omah kaca akibat aktivitas manungsa"[1] liwat èfèk omah kaca. Kesimpulan dhasar iki wis diandharaké déning saora-orané 30 badan èlmiyah lan akademik, klebu kabèh akademi sains nasional saka negara-negara G8. Ananging, isih sisa sawetara èlmuwan sing ora setuju karo sawetara kesimpulan sing diandharaké déning IPCC kasebut. Modhèl iklim sing didadèkaké acuan déning projek IPCC nuduhaké suhu permukaan global bakal ningkat 1.1 nganti 6.4 °C (2.0 nganti 11.5 °F) antara taun 1990 lan 2100.[1] Béda ing angka perkiraan iku disebabaké déning panggunaan skenario-skenario kang béda-béda ngenani emisi gas-gas omah kaca ing mangsa ngarep, sarta modhèl-modhèl sensitivitas iklim sing béda-béda. Senadyan sebagéyan gedhé panelitèn munjer marang periode nganti 2100, pamanasan lan mudhaking lumahing banyu segara dikira-kira bakal terus lumaku sajroning luwih saka sèwu taun senadyan tingkat emisi gas omah kaca wis stabil.[1] Iki nggambaraké gedhéné kapasitas panas saka segara.
Mundhaké suhu global dikira-kira bakal nyebabaké owah-owahan liya kayadéné mundhaké lumahing banyu segara, mundhaké intensitas fenomena cuaca sing ekstrim,[2] sarta owah-owahan gunggung lan pola presipitasi. Akibat-akibat pamanasan global sing liya yakuwi kapengaruhané kasil tetanèn, ilangé gletser, lan punahé werna-werna jinis kéwan. Sawetara bab-bab sing isih dadi ranguné para èlmuwan yakuwi ngenani gunggung pamanasan sing dikira-kira bakal kedadéyan ing mangsa ngarep, lan piyé pamanasan sarta owah-owahan sing dumadi kasebut bakal bervariasi saka siji dhaerah menyang dhaerah liyané. Nganti wektu iki isih ana wacana pulitik lan publik ing donya ngenani apa, yèn ana, tindakan sing kudu dilakoni kanggo ngurangi utawa mbalikaké pamanasan sabanjuré utawa kanggo adaptasi marang konsekwensi-konsekwensi sing ana. Sebagéyan gedhé pamarintahan negara-negara ing donya wis napak astani lan ngratifikasi Protokol Kyoto, sing ngarah marang pangurangan emisi gas-gas omah kaca.
Sakabèhé sumber energi sing sisa ing Bumi asalé saka srengéngé. Sebagéyan gedhé energi kasebut jroning wangun radiasi gelombang pèndhèk, klebu cahya sing kasat mata. Nalika energi iki ngenani lumahing bumi, banjur owah saka cahya dadi panas sing ngangetaké bumi. Lumahing bumi, bakal nyerep sebagéyan panas lan mantulaké sisané. Sebagéyan saka panas iki minangka radiasi infra merah gelombang panjang menyang angkasa. Nanging sebagéyan panas tetep kaperangkap ing atmosfer bumi akibat numpuké gas omah kaca antara liya uwap banyu, karbon dioksida, lan metana sing dadi perangkap gelombang radiasi iki. Gas-gas iki nyerep lan mantulaké manèh radiasi gelombang sing dipancaraké bumi lan akibaté panas kasebut bakal kasimpen ing lumahing bumi. Bab iki kadadéyan makaping kaping lan ngakibataké suhu rata-rata taunan bumi terus mundhak. Gas-gas kasebut duwé fungsi kayadéné fungsi kaca ing omah kaca. Kanthi tansaya mundhaké konsentrasi gas-gas iki ing atmosfer, saya akèh panas sing kaperangkap ing sangisoré. Sakbeneré, èfèk omah kaca iki dibutuhaké banget déning kabèh makhluk urip sing ana ing bumi, amarga tanpa kuwi, planet iki bakal dadi adhem banget. Kanthi suhu hawa rata-rata 15 °C (59 °F), bumi sakbeneré wis luwih panas 33 °C (59 °F) kanthi anané èfèk omah kaca[3] (tanpa èfèk mau suhu bumi mung -18 °C saéngga ès bakal nutupi kabèh lumahing bumi). Ananging suwaliké, akibat gunggungé gas-gas kasebut wis kaluwihan ing atmosfer, pamanasan global dadi akibaté.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar