Senin, 09 Agustus 2010

Cerita Pengalaman

Nyemak Crita Pengalaman
Pengalaman iku pancen guru kang paling apik. Paribasan iku pancen bener banget. Kabeh wong kang urip lan ndueni akal sehat mesthi ndue sing jenenge pengalaman. Pengalaman nalika dicritaake marang wong lia bisa nambahi kawruh lan pegetahuan kanggo wong kang ngrungoake. Apa iku pengalaman apik utawa ala, kabeh ndueni kagunaan tumrap awake dhewe utawa wong kang ngrungoake.

Tuladha :
Kok asin ?
Pengalaman iki dak alami nalika mati lampu, jan pokoke peteng banget, ora ndue stok lilin merga ora ana pemberitahuan saka PLN. Wengi iku aku lagi kumpul-kumpul bareng kanca ing ngumahku, arep ngrembug babagan kemah sesuk malem minggu. Lha kok dumadakan mati lampu, padahal nembe wae kanca-kanca pada teka. Senajan mati lampu, jalaran aku tuan rumah ya aku terus wae maring mburi gawe medangan kanggo kanca-kancaku.
Wektu aku balik maneh menyang ruang tamu, panggoan kanca-kancaku kumpul, kabeh wes lagi grengseng mbahas persami sesuk.
“ lha pesiapan papan panggonane piye jo ?” takone abdul ketua panitiane marang joni kang ngurusi papan panggonan.
“ Siap, kabeh dak siapi, ruangan kanggo kumpul wes ana, papan kanggo turu uga wes siap kabeh “ jawabe joni.
“ Okelah kalo begitu “ Ujare Abdul niroake gayane panyanyi saka Tegal.
“ Lha sekretaris piye, wes dadi kabeh administrasine ? “
“ Siap ndan, kabeh wes rampung, sesuk kari moto kopi banjur di bagi “ Siti nyauri.
“ Lha iku kopine di samba ta, aja rembugan wae, gratis iku “ aku nyelani gunemane kanca-kanca.
“ Weh mantap iki, lawuhe mendoane yu Denok ta ? takone Robert sing pancen awake gendut asile saka doyan banget mangan.
“ Lha iya ta,…”saurku sakeane.
Lagi pada asik-asike ngobrol nyambi mangan mendoan, dumadakan Robert nyembur karo mendelik.
“ Lha apa iki, mentang – mentang juragan uyah, lha kok kopine asin ta ? “
“ Lha iya ta ?” takonku bingung karo njajal nyicip kopine.
Lha pancen iya, asin banget. Lha jebul maau sing dak jupuk wdah uyah ta ? dudu gula. Hehehe, ya map kancaa-kanca,….

Tidak ada komentar:

Posting Komentar