Rabu, 18 Agustus 2010

Nulis Serat Pribadi

Nulis Serat Pribadi
Ing jaman ingkang sarwi komputer kados sakpunika, sampun awis sanget ingkang kersa nyerat utawa damel serat pribadhi kanthi ngginakaken basa Jawi. sampun malih serat ngginakaken basa Jawi, serat ingkang ngginakaken basa Indonesia kémawon inggih sami nasibipun. Punika amargi saya majengipun ngélmu teknologi komunikasi kadosdéné, HP lan nternet. Nanging sanajan sampun awis sanget dipunginakaken, boten wonten awonipun menawi awakipun piyambak tetep nyinau babagan serat (nawala, surat, serat, kintaka). Serat utawi serat punika, kalebet iketaning basa gancar ingkang mawi paugeran, paugeran punika manut lan kajumbuhaken kaliyan unggah – ungguhing pasrawungan. Nyerat serat punika wonten tatananipun, tatanan punika adhedhasar, ingkang ngirim lan ingkang dipunkirimi.
Perkawis ingkang wigatos lan kedah dipunmangertosi salebeting panyerataning serat utawi serat ;
1. Panyerating asma kedah jangkep, langkung prayogi menawi kaserat pangkat, lan kalenggahanipun.
2. Panyerating alamat / papan dunungipun ingkang dipunkirimi serat kedah jangkep lan cetha.
3. Panyerating titi mangsa kapacak ing sisih tengen.
4. Dipunwigatosaken bab adangiyahipun, inggih punika, pandonga, pamuji, pakurmatan ing purwakaning serat.
5. Pamilihing paprenahan lan tembung tandha pakurmatan kedah leres lan manut pranatan ingkang lumampah.
6. Dluwang, mangsi lan amplopipun kedah ingkang saé.
Manut isi lan ancasipun serat utawi serat kapérang dados 4 (sekawan), kadosta ;
1. Serat Kitir, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé nyenyuwun tulung tumrap ingkang dipunkirimi serat / serat.
2. Serat Iber, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé paring / caos pawarta ingkang sampun lumampah.
3. Serat Ulem utawi serat Sedahan, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana anggé ngaturi uleman upacara pawiwahan, tetakan, pèngetan, lsp.
4. Serat Dhines, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé kaperluwan dhines kantoran.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar