Senin, 09 Agustus 2010

Geguritan

Geguritan
Geguritan yaiku reroncening tembung kang endah dadi wujud puisi nganggo bahasa jawa. Endah lan orane sawijining geguritan gumantung marang wong kang maca geguritan iku. Geguritan iku puisi jawa modern kang bebas ora kaiket.
Titikane geguritan iku antarane :
1. Isine mentes
2. Lumrahe nganggo nganggo purwakanthi ing ukara-ukarane
3. Ora kaiket guru gatra, wilangan apadene guru lagu
4. Arang nganggo tembung pangikeet
5. Akeh kang nganggo bahasa jawa kuna
Babagan kang penting diperhatiake nalika nulis geguritan supaya bisa endah yaiku :
1. Suasana ati lan lingkungan
2. Milih tema
3. Tetembungan
4. Purwakanthi
5. Paramasastra basa ( ukara sambawa, camboran, lan lia-liane )

Tuladha geguritan :
PETENGING WENGI
maymintaraga 19 april 2009

sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu

gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi

lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ? ***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar