Maca Ekstensif Teks Non Sastra
Maaca ekstensif iku kegiatan maca kanggo golek informasi saka teks utawa wacan kanthi sekeh akehe. Tuladhane nalika maca Koran, majalah, catalog, biografi lan liya-liyane.
Tuladha wacan ing ngisor iki wacanen kanthi pemati, banjur etung piro kecepetane koe maca nganggo rumus KM= J/WM
Katrangan :
KM : Cepete maca
J : Tembung kang diwaca
WM : Wektu kang dibutuhake kanggo maca
Carane kanggo maca cepet :
Aja mbolan mbaleni tembung
Aja kesuwen anggone mandeg sajroning ukara
Anggone maca ora saben tembung, nanging kelompok tembung
Pandelengan ndisiki lambe
Sapa Aruh Nisfu Syaban lan Nyadran
Dening Sendang Mulyana
Kanugrahan, kaagungan, lan kamulyan hamung Gusti Allah ingkang kagungan. Gusti ingkang nulung tiyang ketula-tula keplatrang Gusti ingkang mangerani tiyang-tiyang rgkih lan ajrih. Dhuh Gusti,meawi woten ing Buku Ageng sampun sinerat nasib kula cilaka kedharaang-dharaang, sedaya nugraha kaling-kalingan,tinulak, sumpeg rejeki, mugi Gusti kersa ngganti sengga kula dadya tiyang ingkang begja, linuberan rejeki, pikantuk pitedah lan kekiatan kangge kebajikan ing madyaning bebrayan.
Donga kuwi sing apik banget diwaca nalika malem limalas Syaban, asring kasebut nisfu Syaban. Intine donga , samubarang sing wis kinodrat bisa diwiradati, jalaran Gsti Allah Maha Kuwasa lan Maha Kersa . Kaacarita,nalika Jaman Ajali, manungsa sih awujud ruh, wis ana prajanjen nasib. Umur patang wulan ing gua garba,Gusti negesake gars nasb kuwi. Nasib,takdir,dadi perkara sing ora gampang kawiyak ( misterius ). Mula malem nisfu Syaban dadi kesempatan kanggo nyuwun marang Gusti dimen mung nasib apik sing tansah sumandha ing jiwangga.
Wong Jawa luwih akrab nyebut wulan Ruwah ketimbang Syaban, Ruwah ana gandheng cenenge karo arwah. Ing wulan Ruwah wong sing urip pada kirim donga marang para arwah , utamane arwa para leluhur sing wis murud ing kasidan jati kudu diurmati lan dipepundhi. Jalaran anane wong siki merga ana leluhur, lumrah yen banjur asok bulu bekti. Mula ana budaya nyadran.
Ngrunut asal-usule nyadran dumadi saka tembung sraddha, tegese atur pisungsung marang leluhur. Wong mati wis ora doyan sega sambel. Sing “dipangan” wong mati kuwi mantra, donga. Anak turun ndedonga marang Gusti, moga-moga para leluhur entuk dalan padang, diapura dosa-dosane satemah munggah swarga.
Budaya nyadran mujudake olah rasane wong urip sing tansah pengen selaraslan seimbang . Kahanan saiki ora bisa pinisah karo anane leluhur. Reroncening acara nyadran lan ubarampe upacarane ngemu simbol-simbol ajaran kang perlu dionceki.
Tumrap kawula mudha, nyadran bisa dadi pangeling-eling prelune tanggungjawab lan kuwajiban ngurmati wong tuwa lan leluhur. Aja ugal-ugalan. Aja rumangsa yen kesuksesan saiki merga upayane dhewe. Kudu bisa saling asah, asih lan asuh marang sanak kadang utamane, sukur bage tumrap bebrayan agung.
Maeka werna cara ritual nyadran,gumantung kahanan sosiokulturale. Oraana kang pakem. Yen ing laladan kidul : Klaten, solo lan saidenge, sawse padha ndonga ing kuburan banjur padha mangan – mangan bareng sanak kadang sakulawarga ing papan iku uga. Bagen – binagen.
Ing pesisir lor, arang kasebut nyadran, nanging wong-wong padha slametan, kirim donga mapag. Tegese, saliyane ndongaake wong-wong sing wis mati supaya antuk pangapurane Gusti, uga minangka sedekah, ngresiki bathin kanggo mapag tekane tekane wulan pasa ( Romadhon ). Panganan , uba rampe slametan ora digawa ing kuburan.
Saperangan muncul pamawas beda “ Wong mati kuwi yen obah wae medeni bocah, ngapa dikirimi sesaji macem-macem, panganan enak-enak, apa doyan ? apa gunane ?”
Pamawas kuwi banjur diwangsuli , “ Dudu panganane sing tekan. Sing manga panganan kuwi wong urip. Anggep we kuwi sedekah. Ganjarane sedekah kanggo ( dikirimake ) wong sng wis mati. “
“ Wong mati kuwi wis ora bisa entuk ganjara maneh. Kabeh ws putus, ejaba telug perkara.Sepisan, ngelmu sing migunani. Kapindho, amal jariyah. Katelu, anak sing saleh lan salehah.Wong sing ngelmune migunani tumrap bebrayn, contone sing nemoake listrik , ganjarane ora putus-putus jalaran saiki listrik dadi kebutuhan vital banget. Wong sing nalika urip seneng amal jariyah, contone gelem urunan mangun dalan, ganjarane ndilir jalaran saben dina dalane diliwati wong akeh. Wong sing kasil nggulawentah anake dadi saleh lan salehah , gajarane uga ora pedhot jaaran anak-anak mau dadi diwasa,gawe kahanan bebrayaan saya apik. Dadi ora bsa wog sing nalika urip dadi leletheging jagat, terusdikirimi ganjaran, banjur munggah swarga ! “
“ Yen pancen ora percaya ganjaran iku bakal tekan, coba matia dhisik, mengko dak kirimi ganjaran. Yen ora tekan, bali ! “
Wis, ora perlu regejegan.. Jenenge budaya kuwi mujudake olah cipta, rasa lan karsa. Dudu dogma. Kabudayan kuwi bisa ngrembaka nganggo pirag-pirang sudhut pandang. Sing penting niat apik. Ing ngarep wis dikandhaake,prelune selaras, seimbang lan tanggungjawa. Nilai budaya kuwi sing kudune diugemi. Tegese, wong sing urip aja tumindak ngisin-isini leluhure sing wis mati. Mesakke leluhur sing dicangking-cangking yen ana anak turune tumindhak candhala. “ Si Anu anake si Suta kuwi ugal-ugalan korupsi ?pantes, kacang ora ninggalake lanjaran !”
Langkung apik yen ana ukara iki. “ Wah, si Anu kuwi tumindake apik banget. Seneng sedekah, sopan-santun, sregep ngibadah, manembah, pinter, ora gawe kapitunaning liyan. Kamangka , wong tuane dhisik remuk kelakuane. Ya muga-muga Gusti Allah paring pangpura marang wong tuane si Anu kui. Gust ora sare. Gusti Maha Wicaksana. “
Kapethik saka Suara Merdeka, Minggu 25 Juli 2010
Tidak ada komentar:
Posting Komentar