Sabtu, 19 April 2014

Parafrase

Parafrase asal tembung saka paraphrase ( inggris ), paraphrasis ( latin ), para phrasein ( yunani ) kang nduwe teges cara ekspresi tambahan.
Parafrase yaiku istilah linguistik kang nduweni teges nglairake malih salah sawijining konsep kanthi cara liya sajroning basa kang pada, tanpa ngowahi makna lan tujuan awale.  Parafrase aweh kesempatan marang penulis liya kanggo aweh penekanan masalah kang beda karo penulis asline.
Parafrasis yaiku proses nggawe parafrase.
Carane nggawe parafrase :
1.      Maca naskah asli
2.      Nemtoake tema / alur
3.      Nemtoake gagasan utama / ide pokok saben paragrap
4.      Nggawe parafrase nganggo ukara kang beda, ukara langsung bisa di ganti nganggo ukara ora langsung.
5.      Nganggo tembung kang baku, ukara kang ringkes lan gampang dipahami.

Jumat, 20 April 2012

Pidato Sambutan Maneka Acara

Tegesipun Pidhato
Pidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanathi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh.
Jinis – jinise pidhato miturut carane ngandharake keperang dadi :
1. Miturut Tujuane Pidhato
a. Menehi hiburan
Pidhato jinis iki katindakake nalika ing acara pahargyan, acara hiburan, kang tujuane iku gawe sumringah, seneng utawane gembira. Pamicara mung ngandharake babagan kang nyenengake uga nganggo bahasa kang santai an raket.
b. Menehi Kawruh
Pidhato jinis ikiisine ngandharake babagan kang sacetha-cethane supaya pamirenge mangerti kanthi jelas. Pamicara bias nganggo conto, bandingan, katrangan lan liya-iyane kang migunani kanggo nambahi jelase pokok masaalah.
c. Pangajak-ajak
Pidhato jinis iki pamicara ngandhrake alas an, bukti lan conto kanggo ngajak pamirenge supaya tumindak paddha utawa jumbuh karo kang dikarepake pamicara. Pidhato jinis iki biasane katindaake nalkane kampaye utawa promosi.

2. Miturut Kaanane Pidhato
a. Kaanan Resmi
Lumrahe ditindaake dening para pejabat nalikane nyambut acara resmi. Pidhato jinis iki kaiket dening wektu lan topic. Pamicara ora bias sakepenake dhewe ngandharake masalah jalaran wes ana naskah kang kudu diwaca dening pamicara.
b. Kaanan Setengah Resmi
Pidhato jinis iki tetep ngetokake kesan resmi, nanging ora kaiket wektu. Pidhato jinis iki uga jamak lumrahe katindakake dening para pejabat, nanging kahanane santai, ora nganggo naskah.
c. Kaanan Ora Resmi
Pamicara bias ngandharake babagan kang pas karo kahanan lan pamirenge, ora kaiket dening wektu an ora dibatesi wektu.
d. Kaanan Liya – liyane
Pidhato jinis iki kudu migatekake kahanan pamirenge, lanang utawa wadon, ngandeg apa lungguh, panas utawa adem lan liya-liyane

3. Miturut Pendekatan Isi Pidhato
a. Pendekatan intelektual
Pamicarane kudu migatekake kahanan pendidikan pamirenge. Nalika ing ngarepe wong kang ndueni tingkat pendidikan dhuwur, pamicara bias bae nganggo bahasa intelek. Nanging nalika pamirenge ora ndueni pendidikan kang cukup, pidhato jinis iki ora pas dilakokake.
b. Pendekatan Moral
Pendekatan iki digunakake nalika pamirenge seneng milu kegiatan moral. Tuladhane pengajian. Pamicara bias nganggo dalil saka kitab suci supaya pamirenge tambah percaya marang dikandaake dening pamicara.
c. Pendekatan Emosional
Pendekata iki efektif nalika pamicara bias mincing emosine pamireng. Nganggo rasa sedhih, seneng, lucu laan liya-liyane. Pidhato jinis iki nyesuaiake marang kahanan emosi pamirenge, supaya pamireng bias nampa kanthi jelas apa kang disampeake dening pamicara.

Kamis, 03 Maret 2011

Nyemak Crita Wayang
Wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora pati akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.

dhalang lan wayangé ing Australia



e-wayang kang tinatah lan sinungging mawa media digital
Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.
Ing pagelaran iku wayang ditanjepké ing debog ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar.
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi

Cerita Kethoprak

Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah, ananging ugo bisa tinemu ing Jawa Wetan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa Tengah lan biso ngasorake kesenian liyane, umpamane Srandul, Emprak lan sakliyane.

Sajarah
Kethoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para priya ing dhusun kang lagi nganaake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang bebarengan ing kampung /dusun kanggo lelipur . Sak teruse ana tambahan kendhang, terbang, lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Sak banjure ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran Kethoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyarakat/umum, yakuwi Kethoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake yaiku : Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lan sapanunggalane.
Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan apike lan dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan.

Jinis
Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakke mengkene :
1. Kotekan Lesung : awujud awal mulane Kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran Kethoprak.
2. Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kotekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripane para tani .
3. Kethoprak Lesung : Amujudake pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kaya ta gendang, suling, terbang lan lesung. Iki kang bakal lan lahire pagelaran Kethoprak.
4. Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ).
5. Kethoprak Gamelan Pendopo : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprene . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing 'Pendopo').
6. Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yoiku Kethoprak kang di pagelarake ana ing panggung kanti carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca ([[Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).
Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , ugo kanggone para nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan carita digawe luwih apik lan ditindaake kanthi teges lan tumemen. Conto mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.

Isi carita
Rupa-werna carita pagelaran Kethoprak umpama carita rakyat, dongeng, babad, legenda, sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunaake swasana Indonesia, contone karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo.
Carita klangenan masyarakat bisa arupa carita pahlawanan, paperangan , carita nglempengake kabeneran biasane ing akhir carita sing gawe bebener, jujur lan baik antuk kamenangan.
Ageman para nayaga pemain di padaake karo carita kang dipagélarake, . Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Jogaakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging ana uga ageman kang arupa simbolis ,umpama Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemman pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane kasebuat "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.
Uga ana ageman kasebut basahan, yokuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan bisa arupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo uga jubah). Ageman basahan iki biasane ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.
Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Carita kanthi para nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog ( rerasan dewe) utawa dadi narasi.
Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbedaake adegan siji lan sijine,

Kagem para maos sing kepingin midhangetake kethoprak ing format mp3 bisa ngundhuh ing kene http://apdnsemarang.wordpress.com/dagelan-ludruk-ketoprak/
Perangkat pengiring
Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep biasane nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak.
Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone "akting" uga kudu pinter nyanyi & nari .
Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak.
Senadyan sing dienggo basa Jawa nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.
Ing wektu saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan . mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane.Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu.Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep

Gejala Bahasa

Gingsiring basa yaiku owahing tembung ing sajroning basa utawa saaka basa siji marang basa sijine.
Jinise owah – owahan yaiku :
1. Owah Ngarep
 Protesis
Yaiku owahing tembung merga tambah ing ngarepe
Tuladhane : moh dadi emoh, dom dadi edom, bel dadi ebel
 Afaeresis
Yaiku owahing tembung merga ilang utawa suda ing ngarepe
Tuladhane : walulang dadi lulang, wudun dadi udun
2. Owah tengah
 Apentesis
Owahing tembung merga tambah ing tengah
Tuladhane : Saka dadi sangka, barata dadi branta, tuwuh dadi tumbuh
 Kontraksi ; sinkope
Owahing tembung merga ilang ing tengahe
Tuladhane : Sahaya dadi saya, dahulu dadi dulu, bahasa dadi basa.
3. Owah Mburi
 Paragoge
Owahing tembung merga tambah ing mburi
Tuladhane : Bapa dadi bapak, adhi dadi adhik, mba dadi mbak
 Apokope
Owhing tembung mmerga ilang ing mburine
Tuladhane : Revolution dadi revolusi, management dadi managemen, eksport dadi ekspor

Tembang Dolanan

Maca lan Ngapresiasi Tembang Dolanan
Tembang dolanan iku jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paungeran gatra, guru lagu, guru wilangan lan dhong dhing.Nanging biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané. [1]
Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.
Iki kaca kanggo ngumpulake syair tembang dolanan utawa tembang sing kerep diunekke bocah-bocah.
 Cublak-cublak suweng
 Gajah gajah
 Gambang Suling
 Gundhul Pacul
 Jamuran
 Jaranan
 Kidang Talun
 Kupu Kuwi
 Lir Ilir
 Menthok Menthok
 Padhang Bulan
 Pitik Tukung
 Suwe Ora Jamu
 Te Kate Dipanah

Pidato Sambutan Maneka Acara

Tegesipun Pidhato
Pidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanathi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh.
Jinis – jinise pidhato miturut carane ngandharake keperang dadi :
1. Miturut Tujuane Pidhato
a. Menehi hiburan
Pidhato jinis iki katindakake nalika ing acara pahargyan, acara hiburan, kang tujuane iku gawe sumringah, seneng utawane gembira. Pamicara mung ngandharake babagan kang nyenengake uga nganggo bahasa kang santai an raket.
b. Menehi Kawruh
Pidhato jinis ikiisine ngandharake babagan kang sacetha-cethane supaya pamirenge mangerti kanthi jelas. Pamicara bias nganggo conto, bandingan, katrangan lan liya-iyane kang migunani kanggo nambahi jelase pokok masaalah.
c. Pangajak-ajak
Pidhato jinis iki pamicara ngandhrake alas an, bukti lan conto kanggo ngajak pamirenge supaya tumindak paddha utawa jumbuh karo kang dikarepake pamicara. Pidhato jinis iki biasane katindaake nalkane kampaye utawa promosi.

2. Miturut Kaanane Pidhato
a. Kaanan Resmi
Lumrahe ditindaake dening para pejabat nalikane nyambut acara resmi. Pidhato jinis iki kaiket dening wektu lan topic. Pamicara ora bias sakepenake dhewe ngandharake masalah jalaran wes ana naskah kang kudu diwaca dening pamicara.
b. Kaanan Setengah Resmi
Pidhato jinis iki tetep ngetokake kesan resmi, nanging ora kaiket wektu. Pidhato jinis iki uga jamak lumrahe katindakake dening para pejabat, nanging kahanane santai, ora nganggo naskah.
c. Kaanan Ora Resmi
Pamicara bias ngandharake babagan kang pas karo kahanan lan pamirenge, ora kaiket dening wektu an ora dibatesi wektu.
d. Kaanan Liya – liyane
Pidhato jinis iki kudu migatekake kahanan pamirenge, lanang utawa wadon, ngandeg apa lungguh, panas utawa adem lan liya-liyane

3. Miturut Pendekatan Isi Pidhato
a. Pendekatan intelektual
Pamicarane kudu migatekake kahanan pendidikan pamirenge. Nalika ing ngarepe wong kang ndueni tingkat pendidikan dhuwur, pamicara bias bae nganggo bahasa intelek. Nanging nalika pamirenge ora ndueni pendidikan kang cukup, pidhato jinis iki ora pas dilakokake.
b. Pendekatan Moral
Pendekatan iki digunakake nalika pamirenge seneng milu kegiatan moral. Tuladhane pengajian. Pamicara bias nganggo dalil saka kitab suci supaya pamirenge tambah percaya marang dikandaake dening pamicara.
c. Pendekatan Emosional
Pendekata iki efektif nalika pamicara bias mincing emosine pamireng. Nganggo rasa sedhih, seneng, lucu laan liya-liyane. Pidhato jinis iki nyesuaiake marang kahanan emosi pamirenge, supaya pamireng bias nampa kanthi jelas apa kang disampeake dening pamicara.

Tuladha Pidato Seserahan

Pidato Seserahan
1. Atur Pasrah pinanganten Kakung
Assalamu alaikum wr. Wb
Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya Loka mugi kajiwa lan kasarira wonten panjenengan sadaya lan kula amin
Pamjenenganipun Bapak ……….sekaliyan garwa ingkang kinurmatan, ingkang wonten kelengahan punika dipun salirani panjenenganipun Bapa………………ingkang pantes sinugata ing tata krani. Keparenga kula minangka talanging basa panjeneganipun Bapa………… sekaliyan garwa, ngabiyantara ( tepa ngapurancak) sowan wonten ngarsa panjenengan humiring putra temanten kakung anak mas…………………..dene wigatosing perlu nuninggih mekaten
Sepisan hangaturaken salam taklimipun panjenengan Bapa ………………sekaliyan garwa katur panjenenganipun Bapa…………………sekaliyan garwa dalasan sedaya kadang kulawarga.
Kaping kalihipun kinen hangaturaken sekar cempaka saksele nuninggih penganten kakung anak mas……………….mugi katampi kanthi renaning penggalih kanthi panyuwunan inggal kadhaupaken kalayan atmaja putrinipun bapa ……………………ingkang nama rara ayu…………..miturut adat widi widana ingkang lumampah wonten ing tlatah mriki. Kula sapengambyong namung jumurung karsa mugi tumapaking titi laksana rancag lancer tan manggih rubeda sinartan puji donga, mugi Gusti Allah ingkang Maha Agung tansah paring nugraha jejodhohan pinangaten kekalih.
Mekaten pepuntaning atur, jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk gajah mungkur wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamu alaikum wr.wb.

2. AturNaampi Pasrah pinanganten Kakung
Assalamu alikum wr. Wb.
Panjenenganipun para sesepuh piniji sepuh ingkang satuhu kinabekten, para pepundhen ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung langkung dhumateng para pangemban – pamgembating praja ingkang pantes tinulad sinudarsana. sumrambah dhumateng para rawuh sadaya ingkang cinaket ing manah
Ngengeti panjenengan sadaya dalasan kula titah sawantah ingkang tansah kapurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken hangunjukaken puja – puji syukur wonten ngarsa Gusti ingkang murba ing dumadi, awit berkah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula satemah ing ari kalenggahan punika panjenengan sedaya lan kula saged kempal manunggal wonten ing dalemipun Bapa……………..tan manggih rubeda tuwin sambikala.
Para rawuh ingkang satuhu sulistyaning budi.
Keparenga kula ing mriki minagka sesulihipun panjenengan bapa…………….ingkang ari kalenggahan punika nembe hanetepi darmaning sepuh nuninggih amarhargya putra amiwaha siwi putra putrinipun ingkang nama risang Bagus………………………..jinatu krama dening rara ayu ……………..atmaja putrinipun bapa ………………….ingkang lenggah pidalem ing ………………wondene tumapaking ijab qobul sampun lumampah rikala dinten ……………surya kaping …………………..wonten ing KUA……………kanthi pranatan agami islam.
Wondene wosing gatos panjenengan sadaya katuran rawuh wonten ing dalem mriki boten sanes badhe kasuwun idi pangestunipun sambet kalayan hajatipun bapa……………. Kalawau.

Rabu, 29 September 2010

Soal mid 2

LEMBAGA PENDIDIKAN MA’ARIF
SMA MA’ARIF KARANGMONCOL
TERAKRIDITASI : B
Akte pendirian Nomor : 743/103/I/1989
Alamat. Jalan Raya Pekiringan No.2 Karangmoncol 53355 Purbalingga Telp. 02817605448
Website: http://www.maarifkarangmoncol.com Email: Info@maarifkarangmoncol.com

ULANGAN MID SEMESTER II TAHUN PELAJARAN 2009/2010
Mata Pelajaran : Bhs. Jawa Hari,tanggal : Rabu,24 Februari 2010
Kelas : X Waktu : 08.30 – 09.30 WIB

1. Pengalaman yaiku kedadian kang wis dilakoni, dene pengalaman kang bisa gawe wong liya kang ngrungoake ngguyu ateges crita iku ...
2. Aku saben esuk tangine krainan, mulane aku tekan sekolahan uga telat terus. Kalimat iku salinen nganggo kalimat dialek Banyumas !


3. Apa pendapatmu marang kabar ing ndhuwur ?
4. Apa bedane wacana argumentasi karo wacana persuasi ?
5. Cerita cekak iku gancaran kang ngandharake sarining kadadean saka wiwitan tekan pungkasan. Titikane cerita cekak yaiku …
6. Wara-wara bisa dibiwaraake utawa dipasang ana ing papan panggonan kang dadi jujugane wong akeh. Contone yaiku …
7. Pengalaman kang bisa gawe ngguyu diarani …
8. Sebut lan jelasake unsure-unsur intrinsic sawijining novel !
9. Karangan narasi yaiku …
10. Salinen wacan ing ngisor iki nganggo bahasa latin !

Rabu, 18 Agustus 2010

Maca intensif paragraph deduktif lan induktif

Maca intensif paragraph deduktif lan induktif
Maca intensif yaiku maca kathi tujuan bisa mahami kanthi tenanan marang pendapat ing wacan, urutane, retorise, utawa polane.
Miturut panggonane ukara baku, paragraph kaperang dadi 2, yaiku dheduksi lan induksi.
Paragraf dheduksi iku ukara bakune ana ing ngarep utawa awal paragraf, ukaara panerange ana ing mburine.
Paragraf induksi iku ukara bakune ana ing mburi dhewe, ukara-ukara panerange ana ng wiwitan paragraph.
Pamanasan global kuwi anané prosès mundhaké suhu rata-rata atmosfér, segara, lan dharatan bumi. Suhu rata-rata global ing lumahing bumi wis ningkat 0.74 ± 0.18 °C (1.33 ± 0.32 °F) jroning satus taun pungkasan iki. Intergovernmental Panel on Climate Change (IPCC) nyimpulaké yèn, "sebagéyan gedhé paningkatan suhu hawa rata-rata global wiwit pertengahan abad kaping-20 kamungkinan gedhé disebabaké déning mundhaké konsentrasi gas-gas omah kaca akibat aktivitas manungsa"[1] liwat èfèk omah kaca. Kesimpulan dhasar iki wis diandharaké déning saora-orané 30 badan èlmiyah lan akademik, klebu kabèh akademi sains nasional saka negara-negara G8. Ananging, isih sisa sawetara èlmuwan sing ora setuju karo sawetara kesimpulan sing diandharaké déning IPCC kasebut. Modhèl iklim sing didadèkaké acuan déning projek IPCC nuduhaké suhu permukaan global bakal ningkat 1.1 nganti 6.4 °C (2.0 nganti 11.5 °F) antara taun 1990 lan 2100.[1] Béda ing angka perkiraan iku disebabaké déning panggunaan skenario-skenario kang béda-béda ngenani emisi gas-gas omah kaca ing mangsa ngarep, sarta modhèl-modhèl sensitivitas iklim sing béda-béda. Senadyan sebagéyan gedhé panelitèn munjer marang periode nganti 2100, pamanasan lan mudhaking lumahing banyu segara dikira-kira bakal terus lumaku sajroning luwih saka sèwu taun senadyan tingkat emisi gas omah kaca wis stabil.[1] Iki nggambaraké gedhéné kapasitas panas saka segara.
Mundhaké suhu global dikira-kira bakal nyebabaké owah-owahan liya kayadéné mundhaké lumahing banyu segara, mundhaké intensitas fenomena cuaca sing ekstrim,[2] sarta owah-owahan gunggung lan pola presipitasi. Akibat-akibat pamanasan global sing liya yakuwi kapengaruhané kasil tetanèn, ilangé gletser, lan punahé werna-werna jinis kéwan. Sawetara bab-bab sing isih dadi ranguné para èlmuwan yakuwi ngenani gunggung pamanasan sing dikira-kira bakal kedadéyan ing mangsa ngarep, lan piyé pamanasan sarta owah-owahan sing dumadi kasebut bakal bervariasi saka siji dhaerah menyang dhaerah liyané. Nganti wektu iki isih ana wacana pulitik lan publik ing donya ngenani apa, yèn ana, tindakan sing kudu dilakoni kanggo ngurangi utawa mbalikaké pamanasan sabanjuré utawa kanggo adaptasi marang konsekwensi-konsekwensi sing ana. Sebagéyan gedhé pamarintahan negara-negara ing donya wis napak astani lan ngratifikasi Protokol Kyoto, sing ngarah marang pangurangan emisi gas-gas omah kaca.
Sakabèhé sumber energi sing sisa ing Bumi asalé saka srengéngé. Sebagéyan gedhé energi kasebut jroning wangun radiasi gelombang pèndhèk, klebu cahya sing kasat mata. Nalika energi iki ngenani lumahing bumi, banjur owah saka cahya dadi panas sing ngangetaké bumi. Lumahing bumi, bakal nyerep sebagéyan panas lan mantulaké sisané. Sebagéyan saka panas iki minangka radiasi infra merah gelombang panjang menyang angkasa. Nanging sebagéyan panas tetep kaperangkap ing atmosfer bumi akibat numpuké gas omah kaca antara liya uwap banyu, karbon dioksida, lan metana sing dadi perangkap gelombang radiasi iki. Gas-gas iki nyerep lan mantulaké manèh radiasi gelombang sing dipancaraké bumi lan akibaté panas kasebut bakal kasimpen ing lumahing bumi. Bab iki kadadéyan makaping kaping lan ngakibataké suhu rata-rata taunan bumi terus mundhak. Gas-gas kasebut duwé fungsi kayadéné fungsi kaca ing omah kaca. Kanthi tansaya mundhaké konsentrasi gas-gas iki ing atmosfer, saya akèh panas sing kaperangkap ing sangisoré. Sakbeneré, èfèk omah kaca iki dibutuhaké banget déning kabèh makhluk urip sing ana ing bumi, amarga tanpa kuwi, planet iki bakal dadi adhem banget. Kanthi suhu hawa rata-rata 15 °C (59 °F), bumi sakbeneré wis luwih panas 33 °C (59 °F) kanthi anané èfèk omah kaca[3] (tanpa èfèk mau suhu bumi mung -18 °C saéngga ès bakal nutupi kabèh lumahing bumi). Ananging suwaliké, akibat gunggungé gas-gas kasebut wis kaluwihan ing atmosfer, pamanasan global dadi akibaté.

Nulis Serat Pribadi

Nulis Serat Pribadi
Ing jaman ingkang sarwi komputer kados sakpunika, sampun awis sanget ingkang kersa nyerat utawa damel serat pribadhi kanthi ngginakaken basa Jawi. sampun malih serat ngginakaken basa Jawi, serat ingkang ngginakaken basa Indonesia kémawon inggih sami nasibipun. Punika amargi saya majengipun ngélmu teknologi komunikasi kadosdéné, HP lan nternet. Nanging sanajan sampun awis sanget dipunginakaken, boten wonten awonipun menawi awakipun piyambak tetep nyinau babagan serat (nawala, surat, serat, kintaka). Serat utawi serat punika, kalebet iketaning basa gancar ingkang mawi paugeran, paugeran punika manut lan kajumbuhaken kaliyan unggah – ungguhing pasrawungan. Nyerat serat punika wonten tatananipun, tatanan punika adhedhasar, ingkang ngirim lan ingkang dipunkirimi.
Perkawis ingkang wigatos lan kedah dipunmangertosi salebeting panyerataning serat utawi serat ;
1. Panyerating asma kedah jangkep, langkung prayogi menawi kaserat pangkat, lan kalenggahanipun.
2. Panyerating alamat / papan dunungipun ingkang dipunkirimi serat kedah jangkep lan cetha.
3. Panyerating titi mangsa kapacak ing sisih tengen.
4. Dipunwigatosaken bab adangiyahipun, inggih punika, pandonga, pamuji, pakurmatan ing purwakaning serat.
5. Pamilihing paprenahan lan tembung tandha pakurmatan kedah leres lan manut pranatan ingkang lumampah.
6. Dluwang, mangsi lan amplopipun kedah ingkang saé.
Manut isi lan ancasipun serat utawi serat kapérang dados 4 (sekawan), kadosta ;
1. Serat Kitir, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé nyenyuwun tulung tumrap ingkang dipunkirimi serat / serat.
2. Serat Iber, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé paring / caos pawarta ingkang sampun lumampah.
3. Serat Ulem utawi serat Sedahan, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana anggé ngaturi uleman upacara pawiwahan, tetakan, pèngetan, lsp.
4. Serat Dhines, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé kaperluwan dhines kantoran.

Tembung Andhahan lan Candra

Tembung Andhahan lan Candra
1. Tembung Andhahan
Yakuwi tembung kang wis dirimbag utawa diwenehi ater-ater, seselan lan penambang.
Ater ater yaiku wanda kang diwuwuhake ing ngarepe tembung lingga. Tuladhane dak, ko, di, ka, sa, pa, pi lan sapiturute. Dene seselan yaiku waanda kang diwuwuhake ing tengah-tengahe tembung. Kayata in, um, l, r lan liya liyane. Dene penambang yaiku wanda kang diwuwuhake ing mburine tembung, kayata ku, mu, an, a, na, anal an liya liyane.
Tuladha :
A + tulis : Anulis
Ny + sapu : Nyapu
Tulis + in : Tinulis
Sapu + in : Sinapu
Tulis + an : Tulisan
Sapu + ana : Sapuana

2. Chandra
Yaiku gambar utawa wangun kaendahan utawa kaanan sarana pepindhan. Nanging pepindhan iku namung sarana kanggo penyadra. Kang kudu diperhateake tetep kaendahan gambarane.
Tuladha :
1. Bocah iki tangane apik banget, drijine mucuk eri
2. Lambene nggula satemplik
3. Bangkeane nawon kemit.
4. Astane nggendewa pinentang
5. Lambeane mblarak sempal.

Mendiskusikan isi geguritan

Mendiskusikan isi geguritan
Miturut bausastra jawa, geguritan iku karangan kang pinathok kaya tembang nanging guru gaatra, guru wilangan lan guru lagun ora ajeg. Geguritan uga kasebut tembang uran-uran wujud purwakanthi.
Geguritan ing jaman dhisik esih nganggo paugeran kayata :
1. Cacahing gatra ora tartamtu nanging lumrahe sethithike patang gatra
2. Cacahing wanda gatra siji lan sijine padha akehe.
Nanging jaman nsaiki paugeran iku ora kanggo maneh. Geguritan jaman saiki nulad cara carane mancanegara kang maneka warna. Babagan kang penting saka geguritan yaiku anane pengajaran utawa amanat kang ana sajroning geguritan. Amanat bisa dimangerteni kanthi cara parafrasa. Yaiku ngandharake maneh sawijining teks utawa karangan arupa wujud kang beda supaaya bisa dimangerteni maknane.
SIJI SURO

wit-witan jumedhul saka ngakasa
maneka warna godhong lan woh-wohane
kebak aksara kang wis katulis
bisa diwaca lan ora bisa diwaca
kadhang katon kadhang ora
gumantung padhanging netra

banyu segara malih dadi seksi
kanthi cahya kang madhangi
kitab adammakna
tan ana kang keri
tan ana kang keliwatan
kacathet nora bakal ilang

mbulan wis katon ngilo ana tlaga
nggawa dluwang resik tanpa aksara
kumleyang sakdhuwure sirah
mabur sakparan-paran
angiteri jagad

Maca Pawarta

Maca Pawarta
Menawi salah satunggiling tiyang maos pawartos dipun pocapaken kanthi cetha ingkang saged kapireng dening tiyang sanes, cara maos mekaten dipun wastani cara “maos teknik” tiyang sanes saged medhot ingkang bakenipun perkawis / pawarta.
Ingkang kedah dipun gatosaken cara maos teknik inggih punika :
1. Pocapan (lafal) : nggatekake aksara vocal punapa konsonan.
2. Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara / nada.
3. Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun mirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
4. pandhelenging netra sasaged saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg
5. sikep maos kaudia ingkang santun miwah leres
Tuladha Pawarta Televisi
Teks Pawarta; Jogja TV
Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken perkawis menapa-menapa, kepara mujudaken papan ingkang ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sakdèrèngipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak, panggesanganing warga mbaka sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh ing papan menika.
Salah satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya ramé. Kejawi menika, warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa déné ngingah lembu, saéngga panggesanganipun saya mindhak.
Para warga ing sakiwatengening TPA sewaunipun boten mangertos menawi uwuh menika wonten pangaosipun. Sasampunipun kathah tetiyang saking sajawining rangkah pados rongsok ing papan kasebat, para warga nembé gumregah tumut pados rongsok lan pranyata panggesanganipun ugi saya saé.
Teks Pawarta; TVRI Jogja
Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin tansah nindakaken Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanèn ing mangkénipun saged kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern menika, mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngèngingi tradhisi menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung déning Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno.
Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi rumiyin dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungéndhong déning sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara Ruwatan sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti sawah. Kejawi menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan paméran kerajinan.

Senin, 16 Agustus 2010

Tembang Dolanan

CUBLAK-CUBLAK SUWENG
cublak cublak suweng.. suwenge ting gelenter..
mambu ketundung gudel
pak empong lera-lere
sopo ngguyu ndelikkake
sir-sir pong dhele gosong
sir sir pong dhele gosong

Sluku-sluku bathok
Sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si romo menyang solo
oleh-olehe payung moda
tak jenthir ololobah
wong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip nggoleko dhuwit

Gotri nagasari
gotri legendri nogosari, ri
riwul iwal- iwul jenang katul, tul
tulen olen-olen dadi manten, ten
tenono mbesuk gedhe dadi opo, po
podheng mbako enak mbako sedeng, deng
dengklok engklak-engklok koyo kodok

Dayohe Teka
Ei.., dayohe teko,
Ei.., jerengno kloso,
Ei.., klosone bedah,
Ei.., tambalen jadah,
Ei.., jadahe mambu,
Ei.., pakakno asu,
Ei.., asune mati,
Ei.., guwangen kali,
Ei.., kaline banjir
Te Kate Dipanah
Te kate dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk konde-onde
Mbok sirbombok mbok sirkate
Mbok sirbombok mbok sirkate

Gek kepriye
Duh kaya ngene rasane
Anake wong ora duwe
Ngalor ngidul tansah diece
Karo kanca kancane
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe

Pitik Tukung
Aku duwe pitik pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gok petok petok ngendok pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondol trondol tanpa wulu
Mondol mondol dol gawe guyu

Ilir-ilir
Lir ilir..lir ilir..tanduré wus sumilir Tak ijo royo¬royo..taksengguh temantèn anyar
Cah angon.cah angon..pènèkké blimbing kuwi , Lunyu-lunyu ya pènèken kanggo masuh dodotira
Dodotira dodotira kumitir bedhah ing pinggir Dondomana jlumatana kanggo séba méngko soré Mumpung padhang rembulané
Mumpung jembar kalangané Ya suraka..surak horéé

Kate – Kate Dipanah
Te kate dipanah
dipanah ngisor nggelagah
ana manuk ondhe ondhe
Mbok sir bombok bok sir kate
Mbok sir bombok mbok sir kate

Menthok – menthok
Menthok menthok tak kandhani
Saksolahmu angisi-isini
Mbok ya aja ngetok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok-menthok mung lakumu
Megal-megol gawe guyu

Kupu Kuwi
Kupu kuwi tak encupe
Mung abure ngewuhake
Ngalor-ngidul
Ngetan bali ngulon
Mrana-mrene mung sak paran-paran
Mbokya mencok tak encupe
Mentas mencok clegrok
Banjur mabur kleper

Cempa
Cempa rowa
Pakananmu apa rowa
Tuku gendhing ndhing ndhing ndhing
Rowang rawing wing wing wing
Bong kecebong jarane jaran bopong
Sing nunggangi Semar Bagong
Ecrek-enong ecrek-egung ecrek-enong ecrek-egung

Jago Kate
Jago kate te te te
Kukukluruk … kok
Amecece ce ce ce
Kukukluruk
Dibalang watu bocah kuncung
Keok … kena telehe
Njranthal … pelayune
Mari umuk mari ngece
Si kate katon nyekukruk

PADANG MBULAN
Yo, poro konco dolanan ning jobo
Padang mbulan, padange koyo rino
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelingake ojo podo turu sore

JAMURAN
Jamuran... jamuran...ya ge ge thok...
jamur apa ya ge ge thok...
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung,
sira badhe jamur apa?

KODOK NGOREK
Kodok ngorek kodok ngorek ngorek pinggir kali
teyot teblung teyot teblungteyot teyot teblung
Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter
bocah bodho bocah bodho besuk kaya kebo

KIDANG TALUN
Kidang talun
mangan gedang talun
mil kethemil...mil kethemil...
si kidang mangan lembayung

DONDHONG APA SALAK
dhondhong apa salak dhuku cilik cilik
gendong apa mbecak mlaku thimik thimik
adhik ndherek ibu tindak menyang pasar
ora pareng rewel ora pareng nakal
mengko ibu mesthi mundhut oleh-oleh
kacang karo roti adhik diparingi

PITIK TUKUNG
Aku duwe pitik, pitik tukung..
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji,
tak teteske...kabeh trondhol..dhol..dhol..
tanpa wulu..megal-megol.. gol.. gol.. gawe guyu...

JARANAN
jaranan-jaranan... jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher

GUNDHUL-GUNDHUL PACUL
Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan
nyunggi nyunggi wakul kul, petentengan
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar

MENTHOK-MENTHOK
Menthok, menthok, tak kandani mung lakumu,
angisin-isini mbok yo ojo ngetok,
ono kandhang wae enak-enak ngorok,
ora nyambut gawe
menthok, menthok ...
mung lakukumu megal megol gawe guyu

GAMBANG SULING
Gambang suling, ngumandhang swarane
tulat tulit, kepenak unine
uuuunine.. mung..nreyuhake ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangane

SUWE ORA JAMU
Suwe ora jamu
jamu godong tela
suwe ora ketemu
ketemu pisan gawe gela

TAK LELO LELO LEDUNG
tak lelo lelo lelo ledung...
cup menenga aja pijer nangis
anakku sing ayu rupane
nek nangis ndak ilang ayune
tak gadang bisa urip mulyo
dadiyo wanita utomo
ngluhurke asmane wong tua
dadiyo pendekaring bangsa
cup menenga anakku
kae bulane ndadarikaya ndas butho nggilani
agi nggoleki cah nangis
tak lelo lelo lelo ledung
cup menenga anakku cah ayu
tak emban slendang batik kawung
yen nangis mudak gawe bingung
tak lelo lelo ledung..

SLUKU-SLUKU BATHOK
sluku-sluku bathok,bathoke ela-elo,
siromo menyang solo, oleh-olehe payung montho,
mak jenthit lo-lo lobah, wong mati ora obah,
yen obah medeni bocah

JAMURAN
Jamuran… jamuran…ya ge ge thok
jamur apa ya ge ge thok
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung
sira badhe jamur apa?

KIDANG TALUN
Kidang talun
mangan gedang talun
mil kethemil…mil kethemil
si kidang mangan lembayung

PITIK TUKUNG
Aku duwe pitik, pitik tukung
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji
tak teteske…kabeh trondhol..dhol..dhol
tanpa wulu..megal-megol.. gol.. gol.. gawe guyu

KATE DIPANAH
Te kate dipanah
dipanah ngisor gelagah
ana manuk onde-onde
mbok sirbombbrok, mbok si kate mbok sirbombbrok,
mbok si kate mbok sirbombbrok, mbok si kate

JARANAN
jaranan-jaranan… jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher

LIR ILIR
Lir ilir, lir ilir, tandure wus sumilir
tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu yo peneken kanggo mbasuh dodo tiro
dodo tiro kumitir bedah ing pinggir
Dondomana j’rumatana kanggo seba mengko sore
mumpung padang rembulane, mumpung jembar kalangane.yo surako surak hiyo

GUNDHUL-GUNDHUL PACUL
Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan
nyunggi nyunggi wakul kul, petentengan
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar

GAMBANG SULING
Gambang suling, ngumandhang swarane
tulat tulit, kepenak unine
uuuunine.. mung..nreyuhake ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangane

Sabtu, 14 Agustus 2010

Tataran rimbag

Tataran rimbag
Rimbag inggih punika pangowahan tembung lingga kanthi muwuhi ater-ater, seselan, saha panambang, punapadene imbuhan rangkep. Imbuhan ingkang manggènipun ing sangajenging tembung naminipun ater-ater, déné ingkang manggènipun ing tengah dipunsebat seselan, lan manawi manggènipun ing sawingkinging tembung naminipun panambang, déné yèn manggènipun ing ngajeng saha wingking utawi ngajeng, tengah, wingking naminipun imbuhan rangkep.
Tembung tanduk : yaiku sakabehig tembung lingga kang olih ater-ater swara irung
Tembung tanduk yaiku tembung lingga jroning Basa Jawa sing olèh ater-ater hanuswara (m-, n-, lan ny-). Ana telung jinis tembung tanduk, yakuwi[1]:
1. Tembung tanduk kriya wantah, yaiku tembung sing ora olèh panambang. Tuladha: maju, ngadeg, nyapu.
2. Tembung tanduk i- kriya, yaiku tembung tanduk sing olèh panambang i. Tuladha: nulungi, ngumbahi, nyaponi.
3. Tembung tanduk ke- kriya, yaiku tembung tanduk sing diwèmèhi panambang -ké utawa -aké. Tuladha: nyèlèhaké, nuduhaké, mbalèkaké.
Tembung tanggap : yaiku sakabehe tembung lingga kang olih ater-ater tripurusa, ater-ater ka lan seselan in
1. Tembung tanggap yakuwi tembung lingga jroning Basa Jawa sing diwuwuhi ater-ater tripurusa (dak-, ko-, lan di-) lan seselan -in. Jinisé tembung tanggap anapapat[1].
2. Tembung tanggap tripurusa, yaiku tembung lingga sing diwuwuhi ater-ater tripurusa. Tuladha: dakpangan, kojupuk, dibalangi.
3. Tembung tanggap na, yaiku sing diwuwuhi seselan -in. Tuladha: tinulis, sinengkakaké.
4. Tembung tanggap tarung, yaiku tembung dwilingga sing diwuwuhi seselan in tripurusa. Tuladha: sawang-sinawang, serat-sinerat.
5. Tembung tanggap ka, yaiku tembung tanggap sing diwuwuhi ater-ater ka-. Tuladha: kaobong, kagéndhong.
6. Tembung tanggap tarung, Tulaadha : baling binalang, apura ingapura

Maca Pawarta

Maca Pawarta
Menawi salah satunggiling tiyang maos pawartos dipun pocapaken kanthi cetha ingkang saged kapireng dening tiyang sanes, cara maos mekaten dipun wastani cara “maos teknik” tiyang sanes saged medhot ingkang bakenipun perkawis / pawarta.
Ingkang kedah dipun gatosaken cara maos teknik inggih punika :
1. Pocapan (lafal) : nggatekake aksara vocal punapa konsonan.
2. Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara / nada.
3. Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun mirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
4. pandhelenging netra sasaged saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg
5. sikep maos kaudia ingkang santun miwah leres
Tuladha Pawarta Televisi
Teks Pawarta; Jogja TV
Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken perkawis menapa-menapa, kepara mujudaken papan ingkang ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sakdèrèngipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak, panggesanganing warga mbaka sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh ing papan menika.
Salah satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya ramé. Kejawi menika, warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa déné ngingah lembu, saéngga panggesanganipun saya mindhak.
Para warga ing sakiwatengening TPA sewaunipun boten mangertos menawi uwuh menika wonten pangaosipun. Sasampunipun kathah tetiyang saking sajawining rangkah pados rongsok ing papan kasebat, para warga nembé gumregah tumut pados rongsok lan pranyata panggesanganipun ugi saya saé.
Teks Pawarta; TVRI Jogja
Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin tansah nindakaken Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanèn ing mangkénipun saged kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern menika, mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngèngingi tradhisi menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung déning Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno.
Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi rumiyin dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungéndhong déning sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara Ruwatan sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti sawah. Kejawi menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan paméran kerajinan.

Nyemak musyawarah lan nanggapi

Nyemak musyawarah lan nanggapi
Muayawarah yaiku rembugan sawijinng babagan utawa perkara kanggo nggoleki solusi perkara iku.Tujuane musyawarah iku kanggo nggolek tembung sepakat lan mupakat. Carane nanggapi musyawarah iku bisa wujud pendapat, ide, kritik utawa dene dukungan.
Mikirake Nasibe Korban Tsunami
Ing dina Senen mulai jam 14.00 WIB, ketua OSIS SMA Ma’arif Karangmoncol ngumpulake kabeh penguruse saperlu nganaake patemon kang ngrembug bab nasibe korban tsunami. Wis suwe anggone mbahas, nanging during ana kasile jalaran akeh banget usul kang mebu. Ana sing usul nyumbang duit, klambi, buku pelajaran ln liya liyane.
Werna-werna usule mau saengga ketua OSIS sing mimpin patemon dadi bingung awit kabeh usul kang mlebu apik lan penting. Pembina OSIS kang wiwit patemon meneng wae banjur paring pangandikan “ Aweh pambiyantu iku sepisan kudu dijumbuhake karo kekuwatane kita. Sing nomer loro aja ngant gawae rekasa marang waong sing ngirim, sing nomer telu, jumbuh karo apa kang diarepake dening wong kang dibantu “.
Ketua OSIS banjur matur “ Mturnuwun Bapak Pembina OSIS, naming kula sumanggaake marng kanca-kanca kabeh,pundi ingkang badhe katindakake, awit sedaya usul sae. Ingkang uama, musyawarah “
Pembina OSIS ngendika maneh ,” Ya bener, musyawarah iku pancen dhasare paheman, lha saiki kari endi kaang disarujuki ?”
Sekretaris kang awit mau meneng wae banjur usul, “ Aku kok mathuk yen kita nyumbang wujud dhuwit wae, gampang anggone ngirim, cukup dititipake marang ariwarti utawa stasiun TV “
“ Aku mung usul wae, kepriye yen wujud sandhangan pantas pakai wae, jalaran yen wujud duwit, mengko kang nampa ndadak tuku klambi, buku lan liya-liyane.”
Ketua bidang kegiatan banjur usul ,” Pambiyantu apa wae pancen becik, nanging kang lewih becik maneh yen bisa ngirim bantun tenaga sukarela. Wes aku sing ndaptar ndhisiki wis .”
Saka mburi ana maneh kang usul,” Lha kabeh-kabeh kok usule mbantu dhuwit, sndhangan, tenaga sukarela, lha nek aku usul, pye yen kita kirim donga wae ?”
Kabeh kang lagi musyawarah ngguyu, kejaba Pembina OSIS kang naming mesem wae, banjo ngendika, “ Aja diguyu ta, donga iku ya banget dibutuhake, ndonga iku ora enteng, butuh kehusyukan.”
Bareng wis sawetara ora ana usul kang mlebu maneh, banjur ketua OSIS ngandharake maneh siji-sijine usulan. Ditimbang kana kene, ahire diputusake sumbangan apa kang arep dikumpulake.

Tembung Rangkep

Tembung Rangkep
Yaiku tembung kang dirangkep, jinise tembung iki keperang dadi :
1. Tembung rangkep dwilingga
a. Tembung rangkep dwilingga padha swara
Tuladhane : buku-buku, murid – murid, kursi-kursi
b. Tembung rangkep dwilingga salin swara
Tuladha : bola-baali, gonta-ganti, tuka-tuku
c. Tembung rangkep dwilingga semu
Tuladha : onde-onde, undur-undur, ati-ati
2. Tembung rangkep dwipurwa
Kang dirangkep purwane wae
Tuladha : lelaku, tetuku, jejagong
3. Tembung rangkep dwiwaasana
Kng dirangkep wasanane wae
Tuladha : busik dadi busisik, suwek dadi suwewek.

Pidhato XI

Pidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanathi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh.
Kegiyatan micara ing samgarepe wong akeh bisa kabagi dadi loro, yaiku :
a. Wong kang pidhato nalika rampung anggone menehi sesuluh marang pamiarsane, lan ora menehi kalodhangan kanggo takon utawa menehi tanggepan. Tuladhane kayata ceramah, wara-wara, lan khotbah.
b. Wong kang pidhato nalika rampung banjur menehi wektu marang pamiarsa kanggo menehi tanggepan. Tuladhane kayata diskusi lan rapat.
Kagiyatan pidhato diwiwiti kanthi nemtokake urutan-urutan kaya ing ngisor iki.
a. Naliti prakara kanthi
1. Nemtokake arahan utawa tujuan pidhato kang bakal digayuh.
2. Naliti pamiarsa kayata lanang kabeh utawa wedhok kabeh, umure rata-rata piro, lsp.
3. Naliti kahanan kayata wayah esuk, awan utawa bengi, bisa uga lagi mangsa apa.
4. Milih lan mbatesi topic.
b. Nata pidhato kanthi
1. Nglumpukake bahan.
2. Nata utawa nggawe cengkorongan (rangkane pidhato).
3. Ngandarake kanthi cetha.
c. Gladhen kanthi migatekake
1. Intonasi utawa lagu swara
2. Sikap
3. Gaya basa
4. Wirama
Anggone pidhato bisa tumindak kanthi rancag lan apik, perlu dianakake kagiyatan pambuka, yaiku :
a. Nata pokok-pokok pikiran
b. Ngripta pokok-pokok pikiran dadi ukara pokok
c. Nggawe cengkorongan (rangkane pidhato)
d. Ngandharake pidhato kanthi migatekake cengkorongan kang wis ditata.